Kamis, 07 Agustus 2014
LAKON WAHYU MAKUTHA RAMA
Adegan paseban jawi
Ada-ada greget saut Nem utawi ada-ada obong dupa
Kukusing dupa kumelun
Ngeniken tyas sang apekik
Kawengku sangung jajahan o..................
Nanging sanget hangikibi
Sang resi kaneka putra
Kang hanjlok saking wiyati o....................
(limbuk cangik dipun bedhol manengen teras nyepeng kayon)
utawi
Tansamar pamoring suksma
Sinuksmaya winahya ing asepi
Sinimpen telenging kalbu o...................
Pambukaning warana
Tarlen saking liyep layap ing aluyup o..........
(Mungel srepeg nem lajeng medal patih sengkuni sanking gawang tengen teras bala kurawa saking kiwa lan kartamarma saking tengen,menawi sampun tancep sedaya srepeg dipun suwuk teras ada- ada nem)
Ada- ada nem
sigra bala kang tumingal
prangcampyuh samya medali lir tathit wilething ganda
dhayang gung manguncang niti O....................
benjang sang aji mijil
ngedali wu wus
trusta wilaga kaya buta singa wregil o..............
- Dursasana
Man harya man sengkunii, panjenengan lenggah dhampa Dursasana nungsung kabar lha, i..hah, hah, hah. Man Haryo panjenengan ingkang miyos Dursasana nyadhong pawartos. Man sengkuni panjenengan medal njawi ingkang putra nyadhong warti, mangga tumunten paring dhawuh man,
- Jayadrata
Paman patih harya sengkuni , nadyanta ingkang putra ing talatah sindu, raden tirtanata ugi nungsung pakabaran, lajeng wonten dhawuh punapa saking kaka prabu Duryudana
- Aswatama
Nadyan ingkang putra ing padhanyangan, pun Swatama ugi nyadhong katrangan wonten dhawuh punapa saking ingkang sinuwun prabu Duryudana, paman.
- Durmagati
Lhah....man...kula pun Durmagati nyadhong timbalane Paman, yak napa kabare Man?
- Sengkuni
Aku iki gumun marang anak-anaku kurawa bocah pirang-pirang kok padha duwe slaga dhewe-dhewe, Dursasana mbarok, citraksi lan citraksi pekok, durmogati ngeyel, gek sapa pimpinane?kuwi
- Dursasana
Oalah man, tiyang sejagad niku pun nekseni yen para kurawa niku sing mimpin panjenengan, mula dha ting cruwil, ra genah kabeh, wong bola bali panjenengan kok man, man.
- Sengkuni
Aku meneh, ingsun iki kurang piye, hemmm coba gagasen esuk sore awan bengi, ki pak mu cilik, ki merjuangke jeneng sira kabeh, hemmm.
- Dursasana
Merjuangke napa?man, man, man, jenengan kok merjuangke niku dek dina napa, tahun pinten?
- Sengkuni
Ahhhh...crigis ora isa meneng tak pathak watu raimu sisan kowe mengko
- Dursasana"
Lha wahyu kok di buktekeniku sing nyatakake pripun ta man?wong sak ngertos kula wahyu menika barang ghaib kok man.
- Sengkuni
Ngene yo ngger, wahyu ingkang bakal tumurun ing gunung kutharunggu iki mengko amung mujudake piwulang kaprajan pepakeming swargi prabu ramawijaya ing nguni, kang bakal winedharaken dening salang sawijining pandhita kang kesdik paningale
- Dursasana
o...ngaten?
- Sengkuni
Mula kang saka iku ngger sira sak adhimu kabeh ing dina iki, dening ingkang sinuwun kadhawuhan ndherekake tindhake ingkang raka ing ngawangga prapteng gunung swelagiri ya ing kutharunggu, ayo mumpung dina iki isih wayah esuk padha predandana, kencengana anggonmu dandan.
- Dursasana
Inggih paman sendika ngestokaken dhawuh
- sengkuni
Anaku ngger kartamarma enggal metua ing jaba nembanga tengara budhalan
- kartamarma
kawula nuwun inggih sendiko ngetokaken dhawuh
(Kartamarma medal ing jawi, dipun suluki ada-ada budhalan mataraman.)
Enjing Budhal Gumuruh
Saking njroning praja
Gung ing kang balakuswa
Abra busananarira lir suya wedhali ira
Saking jalanidhi arsa madhangi jagad
Duk mungup-mungup aneng sapucaking wukir, o.....
Lah ing kana ta wau, Raden kartamaram sampun nemabang tengara. Wau ta, untabing wadya bala saking ngastian gung gumuruh swaraning bendhe tinatab, gong maguru gangsa, kateteg kaya butul-butula, untabing wadya tinon saking mandrawa kaya singa nebah candrane ( mungel lancaran singa nebah), kadya mayar sasra bareng neba (manyar sewu), kaya rabbing jalanidhi pasang (Srepeg Nem)
Ada-ada mataram (perang ampyak)
Rikat lampahing rata tanpantara
Prapteng sukuning arga
Eram tumingale, pakuwon asrine, o........
Nendheng saengga paraja
Umyung kang pradangga
Busekan kang wadya, o.......
He..he..he..kanca alon, alon mandheg dhisik, mandheg dishik lha iki ana apa, iki ana apa, lakune baris ngarep mandheg mburi neseg, ayo sing rawe rawe rantas , sing malang malang diputtuung, wong suwidak bareng nebak, wong satus bareng nggebrus, wong sewu bareng maju, mara, mara, mara, hayo, hayo, hayo, hara, hara.....
(Teras mungel srepeg nem perang ampyak)
Bibar perang ampyak lajeng pathet kedu kayon dipun tancepaken debog ngandap mangiwa
Pathet kedu
Myat langening kalangyan
Aglar pandam muncar, o.....
Tinon lir kekonang
Surem sorote tan padhang
Ka sor lan pajaring, o, o.......
Purnameng gegana, o......
Dhasare mangsa ketiga
o...., hima hanawengi
ring u jung ancala
se nen akarya wigena, o
miwah sining wana, o.....,o.....
wreksa gung tinunu, o
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar