
adegan wana duryapura
lah ing kana ta wau wus lulus raharja lamapahe para prajurit Ngastina, wau ta nahen ta kang lagya lumaris ora kaya kang ana sajroning alas duryapura, ingkang lenggah munggwing sela kumalasa solahe pindha diradameta. DRD (mungel ldr Diradameta) tansah eling marang panguwasaning kang Murbeng dumadi (mungel ldr eling-eling)
anoman medal saking tengen ulap2 terus tancap degob inggil, medal liman situbanda,naga kwara, mahambira saking gawang kiwa gangsa dipun sirep lajeng dipun caritakaken.
Hanenggih pundi ta ingkang cinarita, ora kaya kang ana sajroning alas Duryapura sukuning wukir swelagiri, sinten ta ingkang lenggah sangandhaping mandera, munggwing sela kumalasa katon memplak kadi kapuk winusonan, ya iku pandhita ing kendhalisada, kekasih begawan anoman, ya begawan kaipwara ya sang maruti. Sanadyan awujud wanara, sayekti tan pae lan wiku dibya, menebing budi lan wenenging cipta, ngantya bebasan weruh sadurunge winarah.
Sinten ta ingkang caket munggwing ngarsa, inggih punika para bayu suta, yeku liman situbanda, garudha winantya peparab sang mahambira, lan nagaraja ing taksakasila awasta sang naga kwara. Catur bayu suta samya pinrih hanjagi pratapan kuttharunggu, para kadang bayu muhung anut pangrehe begawan anoman.
Kaya mangkana wijiling pangandika begawan anoman
“kene, kadangku kabeh padha majua lungguhmu”
Gangsa kasuwuk lajeng ada-ada greget saut nem, lajeng pocapan
Ada-ada greget saut nem
Ana wre tunggal kagiri-giri
Gengnya grak magalak
Angkara hambegnya o.........
Makikik maringis
Petrek cekroh-cekroh kru ra ngrik malirik o.....
- Hanoman
Mengko ta, Liman Situbanda, paran pawartane anggonira ingsun patah rumeksa gunung kene
- Liman Situbanda
Iya kakang, wis kalakon aku mubeng mubeng, sedyaku arsa ngalang-alangi saliring janma manungsa, sanadyan para sato kang gedhe lan kang cilik-cilik, wus padha dak gesahi, ora ana kang padha dumunung ing sajroning alas kene.
- Hanoman
Sokur sekethi jumurung dhi, lha kowe Naga kwara paran pawartane sira ingsung kongkon rumeksa ing alas kene?
- Naga Kwara
O, iya kakang Begawan, aku iya wus mubeng-mubeng rehne wus ora ana janma kang katon.
- Hanoman
E ...e.,ya sokur dhi, lha kowe Mahambira, paran pawartane sira kang lagi teka?
- Mahambira
Iya kakang, aku ,muluk kekalangan ing gegana, nganti adoh panawangku anggonku niti priksa, ora ana katon manungsa kang cedhak alas kene, mung bae bareng aku nedya niyub, ana katon barisan kanthi sawega gegamaning ayuda, yen ora kleru saka panduluku iku barisan sata kurawa, tetindhihe adipati Karno, mengka menawa barisan iku teka ing kene apa dililani munggah apa ora?
- Hanoman
He..,adhi-adhiku kabeh, handadekna kawruhanmu, mungguh pangandikane Begawan Kesawasidhi sapa bae janma manungsa ora kena munggah ing kutharunggu awit kang diwenangke namapani wahyu kamulyaning praja iku mung satriya kang bareng karo kanugrahane, hawit saka iku yen barisan sata kurawa teka kene kudu dibalekake, yen perlu kudu linawan ing bandayuda.
- Mahambira
Lha, mangkono kakang, dadi lega rasaning atiku, sabab karuwan kang arep dilakoni
Wauta,nembe dumugi semanten begawan miwah para kadang bayu suta nggenya sami reraosan ing reh pangajabing manah, paribasan nginanga dereng ketingal abrit lamunta kecoha durung nelesi bantala, ing mangke datan kadi praptane Nata Ngawangga ingkang hangirid sagung para Kurawa, yenta cinandra yayah gumulunging ombak samodra. Utawi (Saged ngangge Ada-ada gereget saut nem mungel srepegan, kadang bayu suta kabedhol, Karno kawedalaken saking kiwa kagedhog dados ayak-ayakan,tancep debog inggil, anoman dipun tancep debog ngandap,teras suwuk lajeng pathet Nem Jugag)
Pathet Nem Jugag
Hanjrahing kang puspita rum
Kasiliring samirana mrik
0.....sekar gadhung
Ko ngas gandanya, o...
Maweh raras renaning driya,o......,o....
- Hanoman
Nuwun, katuran pasegahan panakrama rawuhipun Prabu Karna dereng dangu
- Karno
Kakang Anoman ya, dhawuh pangandikanira ingsun tamapani tangan loro, sun pundhi dadiya jejimat, amung pangastutiku katura marang kakang begawan.
- Hanoman
Nuwun, dhawuh timbalanipun Prabu Karno, kula cadhong ing asta kekalih mugi dadosa cahya mor cahya, nuwun Sang Apatih katuran panakrama?
- Sengkuni
Inggih sang begawan ,kula tampeni asta kalih dadosa jimat paripih, hamung pangastuti kula katura.
- Hanoman
O, inggih Sang Apatih, kula tampeni asta kalih mugi henggetihana satetes hadinggana satampel, mewahana bawaleksana. Mangke ta Prabu Karno, rawuh paduka ing ngriki punika badhe hambebedhag buron wana, punapa badhe tedhak lelana kewala?
- Karno
Iya kakang, handadekna kawruhanira, satemene kepasang yogya, anggoningsun ketemu lawan sira amarga praptaningsun iki dinuta dening yayi parbu Duryudana kinen munggah marang Kutharunggu hanyataake wasitaning jawata, menawa ing wektu iki jawata ngudhunake wahyuning kraton, lan ing kutharunggu kena ana pandhita kang hangasrama, mula menawa kakang Anoman sarujuk ing penggalih rinta larapna ingsung mring ngarsane Sang Wiku dibya.
- Hanoman
Nuwun inggih handadosna kawuningan Prabu Karna, mapan kasinggihan dhawuh timbalan paduka punika, kepara yektos bab wasitaning jawata punika, sarta kula ugi kadhawuhan rumeksa ing wana ngriki, nanging mugi sampun handadosaken rengating penggalih paduka, yektosipun boten sadhengahing janma manungsa ingkang kepareng minggah dhateng Kutharunggu, mila kula aturi wangsul kewal matura ing ngarsanipun Parbu Duryudana boten perlu minggah ing Kutharunggu tiwas tanpa damel.
Lajeng ada-ada greget saut nem
Krida muntab lir kinetab
Jaja bang mawinga-wengis
Kumedhot pedhoting lathi o........
Netra kocak ngondar andir
Branang kembang wora wari bang o...
- Karno
Ya jagad dewa bathara, keparat, kakang Anoman, aku iki sawijining senapati kang dinuta dening Ratu, teka sira wani hambalekake yen wis tugel gulune Prabu Karno menawa lagi kelakon. Tak kira iku iya mung kagawa saka dhasarira wanara, anggonira tan weruh ing ngedur, kakang Anoman minggata aja ngalang-alangi dalan, yen ora gelem minggat tugel gulumu kelakon!
(lajeng ada-ada greget saut Nem)
Kagyat risang kapirangu
Rinangkul kinempit-nempit
Duh sang retnaning bawana,O......
- Hanoman
He, mangke ta Prabu Karno, Paduka sampun kangengan duka ing kula, taksih wiyar jajanipun Anoman, paduka mameraken banthenging senopati kang dinuta dening ratu, sanadyan kula punika asor, nami pandhita ingkang sampun nyagemi dhawuhing jawata kinten-kinten boten miris dipun senggara macan dening Parbu Karno. Ora biyen ora saiki ora pisan ora pindha panggonan nek wes ketekan kurawa dadine pancakara. He...Prabu karno cilik lara gedhene tumeka pati Anoman ora bakal nglicati janji,Leganing atiku, ayo kurawa aja maju ijen, majua bareng yen Anoman mundur sajangkah, lakno tatu arang kranjang!!
- Karno
E,babo-babo , keparat ....bocah Ngastina cekelen Anoman!!!!!
(Lajeng srepegan perang kurawa lan Bayusuta, kurawa sami kawon, arya Dursasana tancep, gansa suwuk lajeng ada-ada)
- Dursasana
E –he-he, dudu karepe dhewe, kewan-kewan padha ngamuk, bocah kurawa ora ana sing bisa ngrampungi gawe, padha mundura, klaon ana ula dak beset, dak nggo sabuk kulite
(Gangsa srepegan, Dursasana majeng kapapagaken Garudha Mahambira, dursasana kawon. Medal prabu Karno tancep, gangsa kasirep)
- Karno
Adhi-adhiku sata kurawa mundura, mundura, yen ora Prabu karno ora ana kang bisa ngrampungi gawe, dak lepasi Kyai Wijayadanu sirna dening aku!
(gangsa sampak, para kadang bayu suta sami mundur, begawan Anoman mumbul nggegana, Karno nglepasaken Wijayadanu, dumugi ngawiyat kasaut dening Anoman, prabu Karno mulat lajeng ambruk kantaka,sampak kagedhog dados ayak-ayakan tlutur lajeng kasirep sengkuni medal teras ngrangkul Prabu Karno.)
- Sengkuni
Wadhuh, putra kula ngger, anak prabu wonten punapa lajeng paduka kantaka?kula aturi enget ngger kula aturi enget nger.
- Karno
Wadhuh, pejah kula Paman, tanpa tuwas kula tumitah ing madyapada, haluwung wangsul dhateng kamuksan.
- Segkuni
Nuwun wonten punapa ngger?
- Karno
Kyai Wijayadanu kula lepasaken dumugi ngawiyat kasaut kabekta oncat dening Anoman. Menawi kula gesang tanpa Wijayadanu haluwung kula pejah Paman.
(Gangsa kasuwuk, dipun suluki sendhon tlutur.)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar