Pathet sang wantah
Sangsa dau araras abyor kang lintang kumedap
Titi sonya tengah wengi
Lumrang gandaning puspita
Ka rengwaning pudyanira, o...
Sang dwija wara mbrengengeng
Lir swaraning madu brangta
Manungsung sarining kembang,...
Kocap kacarita saya manengah lampahe sang Dananjaya, nasak nusup madyaning alas, yekti tan wrin pringga bayaning hawan, dhasar alas wingit kepati pati, saya miris kang ana jronin alas, mendhung lelimengan, angin midhit tumempuh marang kekayon pating jarethot, pating galereng swaraning rota denawa saking candramanik
(Mungel srepegan, arjuna kepapag rotadenawa catur saking candra manik
Srepeg dipun suwuk lajeng ada-ada greget saut sanga)
- Cakil
E, babo.babo mandeg mandeg.....ana satriya lumaku tengah alas sapa kang dadi aranmu Gus?
- Arjuna
Buta , yen kowe takon kekasihku, ya aku kekasih Raden Arjuna
- Cakil
Satriya, menyang ngendi kang dadi sedyamu
- Arjuna
Buta, yen kowe takon kang dadi sedyaku, manut jumangkahing suku, kedeping netra
- Cakil
E, ladak lirih satriya kiye, kena laranganing buta
- Arjuna
Buta, kaya ora ana gawar kentheng
- Cakil
Endhas buta pathing jenggeleg
- Arjuna
Dak sampar dak sandung, rambutmu ngribeti sikilku, dak pagas murdamu
- Cakil
E, babo babo, kaci dhuwur
- Arjuna
Ancik-ancika gunung, nabok endhas buta ora nganggo jinjit
- Cakil
kaci sugih japa mantra
- Arjuna
Ora watak satriya maguru bathanging buta
- Cakil
Harda walepa
- Arjuna
Buta, kowe kang kepara sang
- Cakil
Kendhita mimang kadang dewa ndak candhak sabetke pang kemuda rangsang ajur kwandamu gus...
Mungel srepegan utawi kemuda rangsang, perang bambangan cakil, cakil kawon ngedalaken curiga, cakil kawon pejah teras ngedalaken buta
- Buta
E,eee, satriya, kancaku wus tumeka ing sirna, mara balekna patine sedulurku
- Arjuna
Buta mara majua
- Kala dahana
Dak upamake wong negor pring, aja kok pilihi sing alus-alus, bongkote trajangen
- Arjuna
Buta sagendhingmu dak ladeni
- Kala Dahana
Whe lha dalah...kena dak candak sampirke pundhak, dak ontal malang klakon
Mungel srepeg sanga utawi sampak sanga buta kejiling teras perang malih arjuna karepatan teras ngedalaken jemparing kala dahana pejah,teras kala tirta ugi pejah
Sedaya denawa pejah kantun kala bantala badhe nyakot, katabok kapisanan.
Kamis, 07 Agustus 2014
LAKON WAHYU MAKUTHA RAMA
Adegan Pathet Sanga

Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar