Kamis, 07 Agustus 2014

LAKON WAHYU MAKUTHA RAMA

LAKON WAHYU MAKUTHA RAMA Janturan: Pambuka wiwaraning carita, caritane kang ringgit purwa, purwanira carma, welulang cinorek,tinatah,sinungging rineka jalma. Jamane para walinyolah ulah rehing agama, agamemaning budi luhur. Kelir digelar minangka dadi sarana irah-irahing jagad gumelar, gelare warna putih, putih iku mengku surasa suci,tegese, gelaring jagad iku duweni sifat suci,ora kalepotan mring dedosa, anane dosa merga saka pokaling manungsa. Debog minangka bumi, blencong dadi lantaran pepadhanging jagad yaiku gegambaraning srengenge kelawan rembulan, gedhog kelawan keprak ibarat keketeging jejantung, dene gendhing kelawan tembang ingkana ngambarake lakuning manungsa bungah kelawan susah. Dalang minangka dadi dutaning Gusti ngolahna wayang, wayang minangka pralampita wewayange wong urip sarta gegambarane pakarti yaiku pakartanine manungsa,ingkang ingkana nggambarake pakarti ala kelawan pakarti bagus. Ingkang ala bakal antuk pidana, ingkang bagus bakal pikantuk nugraha. Mula aja ndhisiki ala awit sapa sing ndhisiki ala mesthi wahyune bakal sirna. Sirnaning wayang esuk dikukut mlebu kotak ora beda kaya manungsa, mung bedane, wayang manjing kotak sesuk bisa dienggo maneh,ning jalma manungsa yen wis mlebu kotak yekti bakal pikantuk pangadilan suci saka Gusti Ingkang maha kawasa. Lindhing dongeng mangkana. Mulane ingkana bakal ngerti sejatine bandha dunya, pangkat drajat kuwi ora aji, apa kang aji? Yaiku amal soleh, pakarti kang luhur ingkang migunani mring bebrayan. Swuh rep data pitana anenggih negari pundi ta ingkang kaeka adi dasa purwa. Eka wilangan siji, adi luwih dasa wilangan sepuluh, purwa kawitan, sanadyan kathah titahing dewa ingkang kaungkulan ing akasa, kasangga ing pratiwi, kaapit ing samudra kathah ingkang sami anggana raras, boten kadi nagari Ngastina ya ing Gajahhoya. Sinten ingkang ngasta pusaraning nagari Ngastina jejuluk prabu Duryudana, ya nararya Jakapitana, narpati Jayapitana, Maharaja Gendarisuta, Sri Bupati Kurupati ya Prabu Suyudana. Sinegeg nalika samana nuju hari respati Sri nata miyos siniwaka munggwing sitinggil binata rata, lenggah ing dhampar denta ingkang pinalipit ing retna, pinatik ing kumala, lelemek babud pramudani, sinebaran sari ginanda wida lisah jebat kasturi den ayap para badhaya srimpi. Sinten ta ingkang lenggah munggwing ngarsa nata, yekti punika pandhita ing sokalima akekasih Dhayang Druna, ya Resi Kumbayana,pandhita putus marang saliring saniskara anrang westhi, datan kasmaran marang mobah mosiking manungsa. Dene ingkang lenggah radi kepering punika narendra ing Ngawangga jejuluk Narpati Basukarno, yo surya atmaja, senopati gedhik manggalaning perang kinarya tanggulaning pakewuh, dhasar satriya dedeg pidegsa sumunar mawa cahya yayah lintang panjerina. Dene ingkang lenggah kaparing ngayun, lah, punika sang patih wasesaning praja satriya ing plasa jenar awasta patih Sengkuni ya Raden harya Suman. Ing wuntat pilenggahe Raden Kartamarma, pangeran ngiras paniti sastra tur lebda marang olah pranataning praja. Ing pagedhongan Sri nata anggalih wasitaning jawata ingkang kawursita ing pasupenan,inggih punika wahyuning karaton ingkang dumunung sapucaking wukir swelogiri. Makten sabda pangandikanira ingkang dereng kawedar ing lesan. - Prabu Duryudana Hyang suksmana adi luwih payungana marang jenenginsun, mangke ta Bapa, Bapa pandhita ing sokalima sak rawuhipun Bapa ing sitinggil kula ngaturaken pasegahan pambgya panakrami Bapa - Durna o..lole lole empritgantil buntute omah joglo, andheng - andheng ana mata yen di pandeng saya tresna . oh..inggih ngger pambgya nipun angger prabu sampun kula tampi mboten langkung ingkang bapa tansah cumadhong dhawuh kulo nok nok non - Prabu Duryudana Bapa Durna inggih, dipun prayogakaken anggen jengandika lenggah bapa - Durna Oh...nggih mboten kirang prayogi lenggahipun bapa ing sokalima - Prabu Duryudana Nuwun mangke kaka prabu, kaka prabu ing Ngawangga sak rawuh paduka ing pandapi agung negari Ngastina , kula ngaturaken pambagya panakrami, kaka prabu - Prabu karno Kawula nuwun inggih yayi prabu, pambagyanipun yayi prabu sampun kula tampi wangsul ingkang pangandika puja pangastawa kula mugi konjuka paduka yayi. - Prabu Duryudana Nuwun inggih kakang dipati, pangastawanipun kakang dipati kula peteg ing pranaja mugi anyembuhana dhateng bgya kayuwanan kula, mboten langkung mugi dipun prayogakaken lenggah, kakang dipati - Prabu karno Kawula nuwun inggih yayi, mboten kirang sakeca lenggahipun rakanta ing ngawangga - Prabu Duryudana Mangke ta paman, paman harya ing kepatihan, paran pawartane para kawula manira ing Ngastina, para wadya bala, para kawula ing karang padesan apa padha kanthi karaharjan? - Patih sengkuni Kawula nuwun, kawontenanipun para wadya bala sadaya sami sayuk sumuyud sahiyeg saeka kapti ngangkat karyaning praja, para kawula ing padhusunan ugi sami karaharjan, kawula nuwun -nuwun. - Prabu Duryudana Sokur sekethi jumurung paman, yen para kawula manira padha karaharjan, nuwun Bapa ing sokalima kula aturi majeng anggen jengandika lenggah badhe kula jateni wigatosipun pasewakan. - Durna o..kula nok non, kawula nuwun inggih datheng sendika lajeng dipun suluki pathet Nem jugag ( Duran dipun manjenganken lenggahipun) Hanjrahing kang puspita rum Kasiliring samirana mrik 0.....sekar gadhung Ko ngas gandanya, o... Maweh raras renaning driya,o......,o.... - Prabu duryudana Mangke ta bapa pandhita ing sokalima, hanjawi anggen kula lenggah siniwika, milanipun jengandika kula piji mangarsa boten sanes ingkang kula rembag amung wasitaning jawata ingkang kawursita ing salebeting pasupenan. Ujaring wasita, wekdal punika jawata ngandhapaken wahyuning karaton dumunung ing sapucaking wukir swelagiri inggih ing kutharunggu, ing ngriku wonten pandhita kaelokaning jawta jejuluk begawan kesawa sidhikepareng hambabaraken pepakemipun prabu Ramadewa duk ing uni. Ujaring wasita, para narendra, senapati miwah para satriya ingkang saged nampeni pepakem wau badhe saged hanurunaken darah paku ningrat. - Durna o...lole lole samarate emprit gantil butute omah joglo, dhawah kaluhuran dhawuh timbalan padhukendra. Nuwun, saderengipun ingkang sinuwun paring dhawuh, sumengkaning manah kawula kumedah anggen kawula badhe munjuk inggih bab wahyuning karaton wau, awit pun bapa ugi tampi wasitaning jawata ingkang boten siwah sarambut kaliyan dhawuh pangandikanipun ingkang sinuwun, lajeng karsa parabu kados pundi, kula nok non. - Prabu Duryudana Bapa, menggahing kula, kula badhe lumampah piyambak hanyatakaken wasitaning jawata wau - Durna o..kula nok non, kajawi keparengipun ingkang sinuwun, punapa mboten langkung prayogi angutus salah satunggaling senapati hanyatakaken wasita wau, mangke menawi sampun kapara nyata, kula amung mangayubagya ingkang sinuwun nyarirani nyuwun tumuruning ponang wahyu, awit menawi paduknedra nyarirani sapunika mangke dumugi ing purug boten nyata punika kirang prayogi, kula nok non - Prabu Duryudana Kasinggihan atur jengandika bapa, amung sinten ingkang pantes kula utus dhateng kutharunggu ingkang boten nguciwani - Durna o..kula nok non, kajawi keparengipun ingkang sinuwun, boten wonten malih ingkang prayogi, saking pamawasipun pun bapa hanjawi raka paduka putra kula menika anak prabu ing ngawangga ingkang pantes dados dutaning nata, awit sampun kapracihna dados bebanthenging senopati ingkang sampun nate mungkasi karya,kula nok non - Prabu duryudana Leres atur jengandika bapa, kakang Narpati nempil pamanggih - Prabu karno Nuwun inggih yayi prabu, jejering prajurit sesanggemanipun muhung manut reh prentahing ratu, rakanta ing ngawangga punika bebasan munggwing gandhewa ingkang pinenthang sawanci- wanci linepasaken pundi enering lesan tartemtu badhe lumarap boten badhe suwaleng kayun. Kanthi bingahing manah rakanta badhe ngestoaken ingkang dados dhawuhipun yayi prabu, lajeng mbenjang punapa rakanta kepareng bidhal sarta punapa kalilan ambekta kanthi yayi?. - Prabu Duryudana Kakang dipati enggih, kula lilani budhal dinten punika, tuwin kula kantheni paman Harya ing kepatihan miwah para kadang sata kurawa - Prabu Karno Kawula nuwun, mboten langkung kula amung nyuwun pangestu raharjaning lumaksana, wiwit saking ngarsanipun yayi prabu ngantos dumugining purug, tuwin sageda kasembadaning karsa, kawula nuwun-nuwun - Prabu duryudana Kakang dipati enggih, sapengker jengandika kula badhe nyeyuwun ing bathara sampun ngantos wonten sakara-kara ing margi, kula amung nyangoni raharjaning lampah. - Prabu karno Nuwun Bapa ing sokalima, kula nyuwun pangsetu raharjaning lampah Bapa - Durna o...inggih ngger , kula amung ndherekaken raharjaning lumaksana, sampun ngantos wonten sakawis-kawis ing margi, saha sageda kasembadaning sedya ( prabu karno kaentas mangiwa dipun suluki ada-ada girisa,saged ugi ngangge srepeg nem) - Prabu Duryudana Mengko ta paman, paman harya ing kepatihan, nora lidhah sinambung banyu tinalang, paman harya aja wedi kangelan, pakenira metua ing jaba, dhawuhna marang anak anak ira sata kurawa kang padha anggantung laku, dhawuhna ndherek tindhake kakang adipati marang kutharunggu, apa dene pakenira uga ngawat awatana tindhake kakang dipati, wis paman enggal budhala. - Patih Sengkuni Kawula nuwun inggih dhateng sendika, terang dhawuh timbalanipun ingkang sinuwun, pun paman amung nyuwun pangestu raharjaning lampah - Prabu Duryudana Paman harya enggih, banget panedha manira aja ana sakara kara ing dalan, mangke ta Bapa, Bapa Pandhita ing sokalima sumawi kula aturi lelungsen pepanggihan kaliyan putra jengandika yayi ratu. - Durna o... inggih sinuwun, boja krama pinanggih wingking, kasesa lampah kula badhe mantuk dhateng ing sokalima kula badhe anjujug ing sanggar pamelengan, nyuwun sih ing bathara linangkung sageda kasembadan karsanipun Gusti kula ingkang sinuwun. Lah ing kana ta wau, wus titi pangandikane Srinata Ing Ngastina marang pandhita ing sokalima tuwin sang mantri muka, sri nata laju kondur hangedhaton, para biyada parekan ingkang ngampil upacara nata wus tanggap ing cipta sasmita, padha nyandhak ampilane dewe-dewe, srinata jumeneng saking palenggahan dhampar denta, horeg para mantri buapati samya kurmat kondurira srinata pyak tangkep ing wuri ( ayak-ayak nem), kanthi muji syukur (ketawang suka syukur), jengakring Sang nata katingal gegleyongan pepadane (ldr. Gleyong) Adegan kedhatonan limbuk cangik Lah ing kana ta wau wus raharja tindhake srinata kondhur angedaton, nahen ta kang lagya lumaris ora kaya kang ana ing dhatulaya sang sri supadniwara anganti kondurira srinata kadya kembang maneka warna (puspowarno), lamuncinandra pindha wanita kang nandang asmara ( asmaradhana) Cangik medal saking tengen joged, dipun lajengaken limbuk medal saking tengen tiba gong Adegan paseban jawi Ada-ada greget saut Nem utawi ada-ada obong dupa Kukusing dupa kumelun Ngeniken tyas sang apekik Kawengku sangung jajahan o.................. Nanging sanget hangikibi Sang resi kaneka putra Kang hanjlok saking wiyati o.................... (limbuk cangik dipun bedhol manengen teras nyepeng kayon) utawi Tansamar pamoring suksma Sinuksmaya winahya ing asepi Sinimpen telenging kalbu o................... Pambukaning warana Tarlen saking liyep layap ing aluyup o.......... (Mungel srepeg nem lajeng medal patih sengkuni sanking gawang tengen teras bala kurawa saking kiwa lan kartamarma saking tengen,menawi sampun tancep sedaya srepeg dipun suwuk teras ada- ada nem) Ada- ada nem sigra bala kang tumingal prangcampyuh samya medali lir tathit wilething ganda dhayang gung manguncang niti O.................... benjang sang aji mijil ngedali wu wus trusta wilaga kaya buta singa wregil o.............. - Dursasana Man harya man sengkunii, panjenengan lenggah dhampa Dursasana nungsung kabar lha, i..hah, hah, hah. Man Haryo panjenengan ingkang miyos Dursasana nyadhong pawartos. Man sengkuni panjenengan medal njawi ingkang putra nyadhong warti, mangga tumunten paring dhawuh man, - Jayadrata Paman patih harya sengkuni , nadyanta ingkang putra ing talatah sindu, raden tirtanata ugi nungsung pakabaran, lajeng wonten dhawuh punapa saking kaka prabu Duryudana - Aswatama Nadyan ingkang putra ing padhanyangan, pun Swatama ugi nyadhong katrangan wonten dhawuh punapa saking ingkang sinuwun prabu Duryudana, paman. - Durmagati Lhah....man...kula pun Durmagati nyadhong timbalane Paman, yak napa kabare Man? - Sengkuni Aku iki gumun marang anak-anaku kurawa bocah pirang-pirang kok padha duwe slaga dhewe-dhewe, Dursasana mbarok, citraksi lan citraksi pekok, durmogati ngeyel, gek sapa pimpinane?kuwi - Dursasana Oalah man, tiyang sejagad niku pun nekseni yen para kurawa niku sing mimpin panjenengan, mula dha ting cruwil, ra genah kabeh, wong bola bali panjenengan kok man, man. - Sengkuni Aku meneh, ingsun iki kurang piye, hemmm coba gagasen esuk sore awan bengi, ki pak mu cilik, ki merjuangke jeneng sira kabeh, hemmm. - Dursasana Merjuangke napa?man, man, man, jenengan kok merjuangke niku dek dina napa, tahun pinten? - Sengkuni Ahhhh...crigis ora isa meneng tak pathak watu raimu sisan kowe mengko - Dursasana Njih sumangga paring dhawuh man - Sengkuni Mengko to anak-anakku sata kurawa kabeh wae, dina iki ingkang sinuwun anak prabu Duryudana kepareng bakal anggayuh tumuruning kanugrahan awujud wahyuning kaprajan, kanthi pangajabing anak prabu lamunta bisa kaleksanan nggayuh nugraha, ing temeb bisa nguwohake para ratu pakuningrat kang bakal bawana run temurun, tangkar- tumangkar ingkas miyos saka turuning anak prabu. Ya ngelingi ingkang raka iku sipating nalendra mula sadurunge tindak nggayuh wahyu,luwih dhsik utusan marang ingkang raka ing ngawangga saperlu buktiake wangsiting dewa luwih dhisik. - Dursasana Lha wahyu kok di buktekeniku sing nyatakake pripun ta man?wong sak ngertos kula wahyu menika barang ghaib kok man. - Sengkuni Ngene yo ngger, wahyu ingkang bakal tumurun ing gunung kutharunggu iki mengko amung mujudake piwulang kaprajan pepakeming swargi prabu ramawijaya ing nguni, kang bakal winedharaken dening salang sawijining pandhita kang kesdik paningale - Dursasana o...ngaten? - Sengkuni Mula kang saka iku ngger sira sak adhimu kabeh ing dina iki, dening ingkang sinuwun kadhawuhan ndherekake tindhake ingkang raka ing ngawangga prapteng gunung swelagiri ya ing kutharunggu, ayo mumpung dina iki isih wayah esuk padha predandana, kencengana anggonmu dandan. - Dursasana Inggih paman sendika ngestokaken dhawuh - sengkuni Anaku ngger kartamarma enggal metua ing jaba nembanga tengara budhalan - kartamarma kawula nuwun inggih sendiko ngetokaken dhawuh (Kartamarma medal ing jawi, dipun suluki ada-ada budhalan mataraman.) Enjing Budhal Gumuruh Saking njroning praja Gung ing kang balakuswa Abra busananarira lir suya wedhali ira Saking jalanidhi arsa madhangi jagad Duk mungup-mungup aneng sapucaking wukir, o..... Lah ing kana ta wau, Raden kartamaram sampun nemabang tengara. Wau ta, untabing wadya bala saking ngastian gung gumuruh swaraning bendhe tinatab, gong maguru gangsa, kateteg kaya butul-butula, untabing wadya tinon saking mandrawa kaya singa nebah candrane ( mungel lancaran singa nebah), kadya mayar sasra bareng neba (manyar sewu), kaya rabbing jalanidhi pasang (Srepeg Nem) Ada-ada mataram (perang ampyak) Rikat lampahing rata tanpantara Prapteng sukuning arga Eram tumingale, pakuwon asrine, o........ Nendheng saengga paraja Umyung kang pradangga Busekan kang wadya, o....... He..he..he..kanca alon, alon mandheg dhisik, mandheg dishik lha iki ana apa, iki ana apa, lakune baris ngarep mandheg mburi neseg, ayo sing rawe rawe rantas , sing malang malang diputtuung, wong suwidak bareng nebak, wong satus bareng nggebrus, wong sewu bareng maju, mara, mara, mara, hayo, hayo, hayo, hara, hara..... (Teras mungel srepeg nem perang ampyak) Bibar perang ampyak lajeng pathet kedu kayon dipun tancepaken debog ngandap mangiwa Pathet kedu Myat langening kalangyan Aglar pandam muncar, o..... Tinon lir kekonang Surem sorote tan padhang Ka sor lan pajaring, o, o....... Purnameng gegana, o...... Dhasare mangsa ketiga o...., hima hanawengi ring u jung ancala se nen akarya wigena, o miwah sining wana, o.....,o..... wreksa gung tinunu, o

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 
Top