Kamis, 07 Agustus 2014

LAKON WAHYU MAKUTHA RAMA



  

Adegan partapan Kutharunggu Lah ingkana taw wau wus lulus raharja lampahe Raden Arjuna, denirasa minggah mring sapucaking wukir swelagiri, nahen ta kang lagya lumaris gantya ingkang cinarita kang aneng pratapan Kutharunggu yeku pandhita kaelokaning jawata jejuluk begawan kesawasidhi, nalika samana sang begawan lagya lenggah munggwing pacabrakan anampeni pisowanira begawan Anoman,prapta mundhuk-mundhuk pinaringan lenggah munggwing ngarsane begawan kesawasidhi, kaya mangkana wijiling pangandika begawan kesawasidhi. - Kesawasidhi Anoman paran sira padha raharja? - Anoman Kawula nuwun, angsal pangetsunipun sang panembahan raharja lampah kula, amung pangabekti kula konjuk sang panembahan - Kesawasidhi Iya anoman, pangabektinira ingsun tampani, menawa ana luputira wis ora dadi apa, mung pangestuningsun tampanan. - Anoman Kawula nuwun, dhawuh timbalanipun sang panembahan kawula cadhong asta kalih, mugi dadosa jimat paripih. - Kesawasidhi Anoman, kadi paran pawartane nggonira sung kongkon rumeksa gunung kene? - Anoman Nuwun kawuningana, sampun kalampahan kawula sakadang anjagi sukuning swelagiri, namung wonten sagolonganing prajurit saking ngastina tetindhih dipati Karno nedya minggah dhateng kutharunggu, kula penggalang kepeksa adreng, wasana dados pancakara, nanging temahan korawa sami bibar mawut, namung Prabu Karno mangkrak krodanipun temah anglepasaken wijayadanu wasana kenging kawula saut, punika wujudipun mugi konjuk sang panembahan. - Kesawasidhi Coba sun pariksane,apa kepara nyata lamun kyai wijayadanu. (pathet jugag) Jahning yahning talaga kadi langit Mambang tampas wulan upamaneka o..... Wintang tulya kusuma panjrah sumawur o..... - Kesewasidhi E, e ya jagad dewa bathara, kepara nyata iki wasiyate prabu Karno, mungguh kang dadi karepira kepriye Anoman? - Anoman Kawula nuwun, kawuningana panembahan, menggah ing pikajeng kula mangke menawi wonten salah satunggaling kadang pandhawa ingkang marak mriki mugi keparingaken, wigatos amewehi kekiyataning kadang pandhawa, murih tansah kajen keringan dening para narendra mancanagari. - Kesawasidhi E, e ya jagad dewa bathara, jagad pramudita, teka kaya bcah cilik panemunira iku Anoman, yen saka pandugaku pandhawa nora kersa anampeni marang pawehmu kang nistha iki, sebab, wong melik marang darbeking liyan iku arane nistha Anoman, nanging yektine mengko yen ana kang prapta kene. Wau ta, eca denira imbal wacana, kasaru praptane sang dananjaya. (mungel ayak-ayakan) lajeng pathet manyura jugag Jahning yahning talaga kadi langit Mambang tampas wulan upamaneka o..... Wintang tulya kusuma panjrah sumawur o..... - Kesawasidhi Teja teja sulaksana ing wuri ngendi kang pinangka, ngarep endi kang si sedya, tigas kawuryan sapa sinambating wewangi? - Arjuna Kawula nuwun, menawi sang panembahan andangu kawula saking praja Ngamarta,sedya kawula hanuhoni wasitaning Jawata badhe nyuwun andhaping wahyu karajan ingkang sinebat wahyu Makutharama. Dene wasta kula ingkang sami purun amastani pun Arjuna, inggih Dananjaya. Punapa ing ngriki punika ingkah wasta pratapan Kutharunggu sarta punapa paduka ingkang jejuluk Begawan Kesawasidhi? - Kesawasidhi Arjuna, kaya wus ora kleru mungguh pangucapmu iku, paran maragane sira prapta ing kene, amarga luwih gawat keliwat liwat dalan kang anjog ing kene, sarta sira apa ora kataman guntur patang prakara? - Arjuna Kawula nuwun sang panembahan, dhawah kaluruhan dhawuh pangandika paduka, ananging gawat ewuhing margi punika saged kula lampahi kalayan kencenging tekad, tumanduking guntur saged sirna dening santosaning budi. - Kesawasidhi Hong sang hyang jagad wisesaning tunggal, kulup Arjuna, sayekti mung sira kang kinawasa anampeni wahyuning praja, mara kulup iki tampanana wujude jemparing aran Kyai wijayadanu,wasiyate kakangira Prabu Karna, ing besuk dadi sarana ungguling prang Baratayuda, kang wusanane bisa ngukup kamukten ing prja Ngastina. - Arjuna Dhuh sang panembahan, sakathahing lepat kula amung nyuwun deduka, menawi yekti punika ingkang nama wahyuning karaton, katimbang kula nglampahi nistha aluwung kyai wijayadanu katamakna dhateng jajanipun Arjuna, sageda sirna ing sapalenggahan punika. - Kesawasidhi Anoman, apa sira miyarsa ucape Arjuna? - Anoman Kawula nuwun san panembahan, sakalangkung rumaos kalepatan kawula, boten langkung namung nyadhong deduka. - Kesawasidhi Anoman, kaya wus rampung ing karyanira, marma sira wus ingsun lilani bali lawan kadang-kadangmu bayu suta, ora liwat ingsung mung nyangoni basukaning lakunira. - Anoman Kawula nuwun, sanget ing pamundhi panuwun kula panembahan,kantuna raharja. (mungel ayak-ayakan anoman sembah kabedhol mangiwa) Ayak-ayakan suwuk lajeng pathet jugag Jahning yahning talaga kadi langit Mambang tampas wulan upamaneka o..... Wintang tulya kusuma panjrah sumawur o..... - Kesawasidhi Arjuna, sayekti ya mung sira kang kinawasa angasta kuncining kamulyan, iya saka anggonira anetepi sembadaning wiratama, sarta teteping kasusilan.mara mirengna sun wartani mungguh kang diarani pepakem Makutharma iku nora wujud, ananging mung sipat wawangson.mulane ingaran pakem makutharama, surasane pepakem iku dianggep makuthaning karajan dening prabu Ramadewa ing nguni, ingaranan Asthabrata. Tegese : sapa bae kang jumeneng Ratu yen ora bisa netepi Asthabrata, nora kena ingaran ratu kang mawa makutha, nanging kosok baline nadyan wong lumrah yen bisa anetepi Asthabrata yeku den anggep manungsa kang mawa makutha. - Arjuna Kawula nuwung inggih panembahanm lajeng keparenga andhawuhaken dhteng pun Arjuna. - Kesawasidhi Arjuna, mangkene mungguh wejange, marma aran Asthabrata, astha iku wolu, brata iku laku. Laku wewolu kang tuwuh saka gumelaring jagad iki, kang kudu dadi dhasaring Ratu,lire mangkena Arjuna: 1. Narendra kudu bisa nuhoni wataking surya, pakartine : bisa hamadangi jagad raya lan hanguripi sagung dumadi. - Arjuna Kawula nuwun inggih panembahan - Kesawasidhi Kaping pindha narendra kudu bisa netepi wataking rembulan pakartine : aweh pepadhang ing mangsa peteng lan sorote hayom hangayemi. Kaping telu narendra kudu bisa nglungguhi wataking Kartika pakartine : bisa dadi pasrening ngantariksa lan dadi pandom panengering mangsa kala lan kiblat. - Arjuna Kawula nuwun inggih sageda ngestokaken dhawuh wedharing pepakem. - Kesawasidhi Kaping papat narendra kudu bisa ngenggoni wataking mendhung pakartine : karya girise kang samya humiyat lan tumibane awujud udan dadi sarananing tumuwuh. Kaping lima narendra kudu bisa netepi wataking bumi pakartine : santosa lan suci - Arjuna Nuwun inggih sageda hanetepi dhawuh paduka panembahan - Kesawasidhi Kaping nem narendra kudu bisa hanulad wataking samudra lire: jembar tanpa pagut sarta kamot momot hamadhahi. Kaping pitu narendra kudu bisa kaya wataking Geni pakartine : bisa hamesesa tan pilih warna sarta migunani ing manungsa Dene kang pungkasana narendra kudu bisa netepi wataking angin pakartine : bisa maratani sabarang panggonan, lan mintir tan ana pedhote. - Arjuna Dhuh sang panembahan, karaos sumeblak raosing manah kula pindha wulan purnama, amung sageda ngestokaken, lulusa anjayeng bawana. - Kesawasidhi Kulup arjuna aja dadi pinggeting atinira mungguh yektine sanajan sira bisa tampa wahyuning karaton, nanging ora bisa jumeneng Ratu, ya mung atmajane si Abimanyu ya wayahira ing besuk kang bisa mengku wibawa. Arujan,kaya wus rampung ing karya, sira sun lilani mundur saka ing kene sarta ingsun titip kyai wijayadanu wasiyate kadangira prabu Karno iki balekna, kang wektu iki isih padha kekojor mengku pabarisan ana ing sukuning wukir swelagiri. - Arjuna Nuwun inggih panembahan, boten langkung kawula amung nywun pangestu raharjaning lampah. (lajeng mungel ayak-ayakan Arjuna sembah nampi kuntawijayadanu lajeng kabedhol mangiwa. Ayak-ayak suwuk lajeng ada-ada greget manyura lajeng kacaritakaken) Wau ta, sapengkere sang dananjaya, sang begawan kari anggana raras. Duk samana wus paripurna pakaryane sang Begawan Kesawasidhi, karsanira arsa hangrucat sesintren, sigra lukar busana kapandhitan angrasuk busana kaprabon. Kacarita siran warnane sang begawan, sawantah babar Nateng Dwarawati Prabu Kresna. (gangsa sampak, lejeng ada-ada) - Prabu Krsena E, e, ya jagad Dewa Bathara, ya jagad pramudita, adhuh adhine pun kakang yayi, yayi Arjuna, sayekti si adhi tan wruh marang sejatina pun kakang, adhuh ,ya mung sira yayi satriya kang kawasa nampeni wahyu makutharama, ya mung kang sentosa bae yayi, marang ngendi bae paranmu mesthi bakal ingsun jampang-jampangi. (gangsa sampak, prabu Krensa Ndedel ngakasa) Lah ing kana ta wau wus rucat sesinglon Begawan kesawasidhi wangsul mring sajatining wujud sang Nata Dwarawati Prabu Sri bathara Kresna, Nahenta ingkang lagya mahawan ing gegana ing mangke datan kadi lampahing Raden Harya Werkudara kepapag sukmane satriya panglebur gangsa Raden harya Kumbakarna - Werkudara Waaaahhhhh wis adoh lakuku saka praja Ngamarta ngupadi mendrane adhiku Jlamprong, teka iki kepapak rerupan ngremeng ireng iki bangsane Jin apa priprayangan wujude cat katon cat ora hayo ngakua sapa jenengmu? - Kumbakarna He..hee...iya raden bener yenta sira ora kanthi cetha nyumurupi marang wujudku amarga aku lawan jenengsira wes beda alame. Andadekna sumurupmu raden manawa sejatine aku ing nguni satriya panglebur gangsa aranku Raden Kumbakara, lha banjur raden iku sapa kang dadi kekasihmu? - Werkudara Waaaaah, yenta kowe kepengin ngerti marang aku, iki satriya ig Jodhipati Raden Bratasena kekasihku - Kumbakarna Whe lha dalah he...he...tiwas kepasang yogya raden pirang-pirang tahun anggonku ngupadi marang paduka jebul lagi ing wektu iki aku bisa ketemu marang kang dak upadi - Werkudara Hemmmm,ana apa dene kowe nggoleki aku? - Kumbakarna He...he...lha dalah waleh-waleh apa raden dene pirang-pirang tahun aku nandang pepeteng, nadyan aku wes pisah lawan badan wadhaku nanging aku durung bisa manjing alam kasampurnan, nganti tekan ing wektu iki suksmaku isih mapan ana ing alam antara, durung bisa katampa ing ngayunan. Mula kang seka iku raden, nggonku ngupaya marang paduka aku bakal nyuwun sanjata pitulung marang raden, kersoa raden Werkudara ngentasake panandhangku, sampurnana patiku raden. - Werkudara Heemmmm disampurnakake kepriye aku ora bisa! - Kumbakarna Mangkene raden gegandhengan paduka iku sipating satriya, mula nggone raden Werkudara nyampurnakake patiku ya nganggo darmane satriya. - Werkudara Waaaahhh...mangkono panjalukmu kene majua tumuli ndak ruwat Gangsa sampak, perang kumbakarna kalawan Werkudara, kumbukarna kawon dipun kuku pancanaka teras kumbakarna manjing dahteng wenthisipun Werkudara,werkudara bingung madosi kumbakarno, kepapag Prabu Kresna gangsa suwuk. - Kresna Iki ndak waspadakake kaya adhiku Wekudara, siadhi iku ngupadi sapa katone kok kaya wong bingung ?ana apa yayi? - Werkudara WaaaahhhJliteng kresna kakangku, sadurunge adhimu mrasajakake bingunging atiku, luwih dhisik bassaku katur. - Kresna Hem, heh,heh, yayi, yayi ora lali siadhi tansah ngatonake darma bekti marang wong tuwa, ya yayi banget bombonging atiku si adhi ngabekti marang pun kakang, bali pangestutiku wae tampanan ya yayi. - Werkudara Waaaahhh, ndak gegem dadya aji jaya pangestu saka Jlitheng Kresna kakangku, aku iki lagi ngupaya nang ngendi lungane Jlamprong minggat seka Ngamarta durung bali ehh malah nang dalan kepapag Buta dadi bandayuda sabanjure apa Kresna kakangku weruh marang playune mungsuhku. - Kresna O,o si adhi iki mau lagi perang ta?, ndak jarwani ya yayi, manawa sejatine mungsuhmu mau suksmane Kumbakarna kang nalika gugur saka astane Sang raden Lesmana Murdaka, kadange anom Prabu Ramawijaya ing nguni,nanging patine Kumbakarna mau durung sampurna, awit saka pituduhe kadang mudha begawan Kontawibisana, panandhange Kumbakarna mau kinen ngruwat satriya panenggak pandhawa. Mula si adhi aja kaget yenta sejatine suksamane Kumbakarna manunggal marang sira yayi werkudara. - Werkudara Hemmmmmm mbanjur kepriye iki mengko awaku banjur kesusupan suksmane buta - Kresna Yayi werkudara, aja sumelang rasane atimu, nadyan Kumbakarna awujud buta nangging hambege satriya, satriya tan perbeda lawan si adhi, nggone Kumbakarna manunggal marang si adhi malah nambahi kasektene yayi wekudara, lan siadhi ora perlu kawatir yenta Kumbakarna bakal nenuntun marang tumindak kang kurang prayoga. - Werkudara Waaaah, yen kaya mangkana ya uwis, lha Kresna kakangku mentas saka ngendhi? - Kresna Aku nembe bakal ngetutake lakune adhimu yayi Arjuna - Werkudara Waaahh, lha saiki bocahe ana ngendi? - Kresna Lha kae yayi wis lumaku ana ing pangarepan - Werkudara Yen kaya mangkana ayo enggal ditututi - Kresna Ayo yayi. Gangsa sampak, Werkudara cabut kurmat dheteng Kresna teras mundur kawalik mlebet kiwa, Kresna cabut mabur mangiwa. gantos swasana lampahaken kayon Teras nglampahaken Arjuna saking tengen, kepapag prabu Karna saking kiwa - Prabu Karna Adhuh, adhiku dhi, adhiku Arjuna, begja kemayangan pun kakang yayi.mengko ta yayi, praptane si adhi ana ing kene, apa mentas tedhakan ing manca praja, apa mapan mung lelana ing samadyaning alas kene yayi? - Arjuna Kawuningana kaka Prabu, kula saking sapucaking wukir swelagiri ing pratapan kutharunggu, mentas sowan sang begawan kesawasidhi. Kawula nuwun kaka prabu, terang kautus panembahan kesawasidhi kinen hangaturaken wangsul wasiyat agem paduka kyai wijayadanu, ingkang punika kapareng kaka prabu anampeni. - Prabu Karno E, e, ya jagad pramudhita, mara yayi kenekna kyai wijayadanu dak tamapanane. - Arjuna Sumangga kaka prabu (pathet jugag, janaka angulungaken wijayadanu) Jahning yahning talaga kadi langit Mambang tampas wulan upamaneka o..... Wintang tulya kusuma panjrah sumawur o..... - Prabu Karno E, e, ya jagad Dewa bathara ya jagad pramudhita, adhuh kadange pun kakang yayi, sepira gedhening pepeteng kang sun sandang ya sebab pisahe wiajayadanu lan ingsun, ora wurung ya mung sira kang bisa gawe pepadhang. Yayi, apa baya pisowanira marang sang begawan kesawasidhi uga nyuwun udhuning wahyu kamulyan? - Arjuna Kawuningana kaka prabu, mapan pisowanan kula dhumateng sang panembahan jalaran anuhoni wasitaning Jawata, terangipun pakem Makutharama sampun kawula tampi. - Prabu Karno Yayi, rehne si adhi nyata antuk kamulyan, aja tanggung-tanggung yayi anggonira sung pitulung marang rakanta,marma kebeneran dene si adhi wus antuk karya,pun kakang muhung melu ngempek, minta saturunan saka si adhi, marang rakanta ing Ngastina. - Arjuna Nuwun kaka prabu, kula ajrih sesikuning Jawata, milo boten saged ngaturaken. - Prabu karno Arjuna, katimbang gagar tanpa kukuban, yen rong turunan meksa ora kok wenehke, proyoga turun telu tak jaluk marang Ngastina. - Arjuna Dhuh kaka prabu, pun Arjuna boten nedya nampik sarta milih dhateng saliring lelampahan ingkang kedah kula lampahi,sanadayan turun pitu pisan boten badhe kula aturaken. - Prabu karno Ya jagad Dewa bathatara, sayekti wus ora kena dak eman, bagus rupamu, alus patrapmu,mung kencenging tekadmu dhasare ngendel-endelke. Babo-babo katon wong lanang dhewe,endi dununging pangaji-ajimu marang wong tua, wani kowe karo kadangmu. - Arjuna Kaka prabu, yen mapan kadi mangkono karsanira, yen nganti Arjuna mundur sajangkah lakno tatu arang kranjang, leganing atiku - Prabu Karno E, ilang parikramamu keparat, wani karo aku? - Arjuna Sagendhingmu dak ajangi - Prabu karno E, dak sabetke bantala sumyur kwandamu. ( gangsa sampak perang manjras Arjuna kelawan Karno, karno kawon kabucal dhawah tebih. Lajeng nglampahaken Bambang Sintawaka. Karno dhawah ngajengipun Sintawaka, gangsa suwuk) - Sintawaka Lho-lho-lho, iki wong-wong apa?teka niba-niba ana ngarepku, he kowe wong apa? - Prabu Karno O, Raden, aranku Prabu Karno Nata ngawangg, balik sira saka ngendi pinagkamu? - Sintawaka Manawa kowe takon marang aku, aku wong kleyang kabur kanginan, aranku bambang sintawaka. Sira teka niba-niba kuwi ana apa? - Prabu karno O, andadekna kawruhananmu raden, aku lagi panca bakah, nanging rada kaseser, - Sintawaka Mungsuhmu sapa? - Prabu Karno Mungsuhku kadangku dhewe, arane janaka satriya panengah pandhawa - Sintawaka Lha prakarane apa? - Prabu Karno Mungguh ngrebut wahyuning karaton, raden apa baya sira kena sun pinta sraya?menawa bisa ingsun pitulungan,lamun sira bisa nyirnakake kadangku iki, mengko bakal gedhe bebananingsun marang sira. - Sintawaka Apa kowe tega marang patine kadangmu dhewe? - Prabu Karno Raden, ringkese yen sira bisa nyirnakake mungsuhku iki sira sun dadekake Adipati ana ing Ngastina. - Sintawaka Apa kena dak ugemi kandhamu kuwi? - Prabu Karno Yo Raden - Sintawaka Yen mapan mangkono, ayo dak sirnakne si Arjuna. ( gangsa sampak Sintawaka mlampah manengen panggih lan Janaka, gangsa suwuk) - Arjuna Ya jagad Dewa bathara,iki wong-wong apa, teka kaya wong baring, prapta neng ngarsaningsung. - Sintawaka Yen takon marang aku, aku srayane Prabu Karno, Bambang Sintawaka aranku, apa kowe sing jeneng Janaka? - Arjuna Nora kleru mungguh pangucapmu, ya aku satiya panengah pandhawa, Janaka kekasihku. - Sintawaka Yen mapan mangkono, dak jaluk pati uripmu, mulungna! - Arjuna Ya jagad Dewa Bathara, apa kowe wani karo aku? - Sintawaka Rangekpa sewu aku ora mundur, ayo sagendhingmu dak ajangi. - Arjuna Ayo leganing atiku, adu boboting epek-epek - Sintawaka E, klakon ajur kwandamu. ( gangsa sampak, prang rame janaka karepotan, teras janaka dipun oncalaken manengen dhawah saking kiwa katampi kyai Semar) - Semar e....ee...Ndra Janaka perang kaliyan sinten Gus? - Arjuna Jenenge Bambang Sintawaka - Semar Eh...Gus, ampun bandayuda lan ampun kekerengan awit jengandika nembe nampi Nugraha, mangke mboten menep raosing manah Gus - Arjuna Prayogane? - Semar Eh...dipun tinggal kondur kemawon Gus - Arjuna Ayo kakang (Gangsa sampak arjuna lan semar mlayu manengen ngedalaken sintawaka saking kiwa tancep suwuk) - Sintawaka Dudu karepe dhewe, Arjuna tinggal glanggang colong playu, tekan endhi bae bakal tak tututi he Arjuna! (Gangsa sampak sintawaka mlayu manengen,Arjuna mlayu saking kiwa kepapag Prabu Kresna sampak suwuk teras ada-ada ) - Prabu Kresna Ana apa yayi dene si adhi kok mlayu mlayu - Arjuna Kaka prabu ri paduka mentas bandayuda - Prabu Kresna Karo sapa yayi? - Arjuna Satriya ingkang peparab bambang sintawaka - Kresna Banjur kowe kalah? - Arjuna Inggih angsal pangestunipun kaka Prabu, kula kawon. Dhuh kaka prabu kula boten kuwawi mila kula meksa nyuwun pambiyantu kaka prabu. - Kresna Yen kowe minta pambiyantu marang pun kakang kowe kudu manut marang aku - Arjuna Nuwun inggih kados pundi kaka prabu? - Kresna Kowe majua maneh nangging aja mbok kasari. Si adhi mesthi wis ngerti marang kang ndak karepke - Arjuna Nyuwun pangestu kaka prabu. ( gangsa sampak Arjuna nyembah dahteng Kresna teras kacabut mangiwa, kresna cabut nututi Arjuna, bamabg sintawaka medal saking kiwa tancep kepapag Arjuna sampak suwuk) - Sintawaka Arjuna ayo aja mlayu, maju meneh kowe yen pancen wani karo aku ? - Arjuna Aku ora nedya males, wis aku patenana, ayo enggal patenana aku. - Sintawaka We, saru! Satriya perang kok pasrah ngana. - Arjuna O, mbokne kulup, kulaka warta, menawa aku mati ana ing peperangan, sumbadra. - Sintawaka Semingkara kana, aku risi, wo saruning saru, iki manggata kana. Arjuna Iyoh-iyoh adheme kaya ngene, ibune-ibune kowe ana ngendi? - Sintawaka Janaka iki ana ngalas aja nggoleki bojomu (sarwi nglarak Bambang Sintawaka) iyoh, hoh,hoh iki tik adheme kaya ngene ibune-ibune - Sintawaka Keparat Janaka iki malah nyedhak-nyedak aku iki mungsuhmu - Arjuna Adhuh......yen ngene iki terima mati aku, kathik adhem kaya mangkene - Sintawaka Bat tobat sapa sing ngandhani ? ( gangsa samapak Sintawaka wudhar dados sembadra, teras tancep gawang kiwa kaliyan Arjuna, medal saking tengen Kresna kaliyan Werkudara tancep gangsa suwuk) - Kresna E, lho iki malah yayi Sembadra wis tekan kene - Sembadra Iya kakang prabu, sing ngandhani mau mesti kakang prabu ta, yenta sing dadi bambang Sintawaka mau iku aku, wong kok senengane ngurusi marang kabutuhane liyan. - Kresna Yen siadhi serik tenan saiki tak entuke (penabuh Gong) Burisrawa wae pa piye? - Arjuna Aiyah kaka prabu kok mesthi mekathen - Werkudara Waaaahhh iya Sembadra dientukaken (Penabuh Gong ) Burisrawa wae, tinimbang dadi bojone Janakamung ditinggal minggat wae. - Arjuna Inggih kula sampun ngakeni lepat kaka prabu lan kakang mas - Kresna Yen mangkana yayi ayo enggal padha bali menyang praja selak dadi pengarep arep yayi prabu Punta. - Sembadra Ayo kakang ndak dherekake - Arjuna Mangga kaka prabu (Gangsa sampak sembadra lan Janaka karangkus dados setunggal nyembah teras kaentas mangiwa, Kresna lan Werkudara kacabut sareng teras mlampah mangiwa. Sampak kagedhog dados ayak-ayakan jejer Ngamarta). - Puntadewa Nuwun kaka prabu, sami raharja rawuh paduka? - Kresna Kawula nuwun inggih, angsal pangestunipun yayi Aji sami raharja. - Puntadewa Harjuna, sira padha raharja, sarta marang ngendi paranmu - Arjuna Nuwun inggih, angsal pangestu paduka sami raharja, kula anuhoni dhawuhing Jawata , anggayuh wahyu Makutharama, ingkang dumunung wonten sapucaking wukir swelagiri, saking keparengipun Jawata ingkang lumantar Sang Begawan Kesawasidh, ponang wahyu sampun kaparingaken dhumateng kula. - Puntadewa Yo sokur sakethi jumurung yayi, nanging besuk maneh kalamun lelungan prayoga pamita kalawan kadang, dadi ora gawe bingunge para kang tininggal. - Kresna Nuwun yayi Sami Aji miwah para kadang gegandhengan menika yayi Janaka ampun lebda ing karsa mangga sami kula dherekaken muji syukur konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring pinten-pinten kanugrahan ingkang rumentah dhateng para titah Marcapada, lan mugi mugi ingkang pakurmatan bpk Dasuki sakaluarga tansah pinaringan Karahayon, kaberkahan anggenipun netepi jejibahan wonten alam bebrayan, kanti sesanti jaya-jaya wijayanti Suradira jayaningrat swuh brastha tekaping ulah darmastuti. (bakda gineman Dalang anggedhog kotak kaping gangsal lamba tumunten kasambed ayak-ayakan pamungkas kayon ingkang tumancep ing sisih tengen kacabut katancepaken ing tengahing gawang.) saged ugi gangsa sampak teras dhawah ayak ayak kayon tancep tengah gawang. Paripurna Tancep Kayon KASUSUN DENING DASUKI, SH

LAKON WAHYU MAKUTHA RAMA

Adegan Pathet Sanga Pathet sang wantah Sangsa dau araras abyor kang lintang kumedap Titi sonya tengah wengi Lumrang gandaning puspita Ka rengwaning pudyanira, o... Sang dwija wara mbrengengeng Lir swaraning madu brangta Manungsung sarining kembang,... Kocap kacarita saya manengah lampahe sang Dananjaya, nasak nusup madyaning alas, yekti tan wrin pringga bayaning hawan, dhasar alas wingit kepati pati, saya miris kang ana jronin alas, mendhung lelimengan, angin midhit tumempuh marang kekayon pating jarethot, pating galereng swaraning rota denawa saking candramanik (Mungel srepegan, arjuna kepapag rotadenawa catur saking candra manik Srepeg dipun suwuk lajeng ada-ada greget saut sanga) - Cakil E, babo.babo mandeg mandeg.....ana satriya lumaku tengah alas sapa kang dadi aranmu Gus? - Arjuna Buta , yen kowe takon kekasihku, ya aku kekasih Raden Arjuna - Cakil Satriya, menyang ngendi kang dadi sedyamu - Arjuna Buta, yen kowe takon kang dadi sedyaku, manut jumangkahing suku, kedeping netra - Cakil E, ladak lirih satriya kiye, kena laranganing buta - Arjuna Buta, kaya ora ana gawar kentheng - Cakil Endhas buta pathing jenggeleg - Arjuna Dak sampar dak sandung, rambutmu ngribeti sikilku, dak pagas murdamu - Cakil E, babo babo, kaci dhuwur - Arjuna Ancik-ancika gunung, nabok endhas buta ora nganggo jinjit - Cakil kaci sugih japa mantra - Arjuna Ora watak satriya maguru bathanging buta - Cakil Harda walepa - Arjuna Buta, kowe kang kepara sang - Cakil Kendhita mimang kadang dewa ndak candhak sabetke pang kemuda rangsang ajur kwandamu gus... Mungel srepegan utawi kemuda rangsang, perang bambangan cakil, cakil kawon ngedalaken curiga, cakil kawon pejah teras ngedalaken buta - Buta E,eee, satriya, kancaku wus tumeka ing sirna, mara balekna patine sedulurku - Arjuna Buta mara majua - Kala dahana Dak upamake wong negor pring, aja kok pilihi sing alus-alus, bongkote trajangen - Arjuna Buta sagendhingmu dak ladeni - Kala Dahana Whe lha dalah...kena dak candak sampirke pundhak, dak ontal malang klakon Mungel srepeg sanga utawi sampak sanga buta kejiling teras perang malih arjuna karepatan teras ngedalaken jemparing kala dahana pejah,teras kala tirta ugi pejah Sedaya denawa pejah kantun kala bantala badhe nyakot, katabok kapisanan.

LAKON WAHYU MAKUTHA RAMA

Adegan Pratapan Candramanik Lah ing kana ta wau, lulus raharja Prabu karna anggenira aneng salebeting gudhaka, laju denira mangun brata semedi. Nahen ta kang lagya mangun tapa brata, gantya kang kacarita,ana gempalaning carita, nalika samana kang ana ing pratapan candra manik Sri Begawan Konta Wibisana, miyos ing pacabrakan, nampeni pisowanira ingkang putra nateng Singgela Prabu Bisowarno tansah ayunyun ing kautaman ( mungel ladrang tebu sauyun) / pindha surya kalingan mega cahyane.(mungel ladrang Remeng, tiba gong Begawan konta wibisana medal, ketamuan Prabu Bisowarno, gangsa kasirep dipun caritaaken) Hanenggih pundi ta ingkang cinarita, ora kaya kang ana pratapan candramanik, sajabaning praja singgela ana gunung cilik asri kadulu. Nalika samana Begawan Konta Wibisono miyos ing pacrabakan, sinten ta ingkang lenggah caket munggwing ngarsa inggih punika ingkang putra nateng singgela Prabu Bisowarno. Sumungkem neng ngarsaning rama, raosing penggalih mung denira nyuwun lumunturing sihira kang rama, kaparenga hambabar kajaten marma datan mobah datan mosik, tansah munggwing ngarsaning rama. Kaya mangkana sabda pangandikane begawan konta wibisana : “O, anaku ngger, kulup majua lungguhmu sing kepenak. - Bisawarna Kawula nuwun inggih dhateng sendika kanjeng rama (Gendhing kasuwuk lajeng dipun suluki pathet Lasem.) o...,o......., dene utamaning nata berbudi bawa leksana, o...... lir-e berbudi mangkana, o.... lila legawa ing driya, o..... agung denya paring dana, angge ganjar saben dina lir-e kang bawa leksana, o.... anetepi pangandika, o.......,o.....(umpak gender dan dodogan penutup) - Wibisana O, anaku ngger, anaku kulup kaki prabu, sira paran padha raharja praptanira aneng pratapan candramanik durung suwe. - Bisawarno Kawula nuwun inggih, angsal pangestunipun kanjeng rama raharja boten wonten satunggal punapa, hamung sembah pangabekti kula konjuka ing pepadanipun kanjeng rama. - Wibisana Yo, anaku kulup, dak tampani tangan loro pangebektimu, ana luputmu ora dadi apa ngger, ora liwat pangestuningsun marang sira tampanan ya ngger. - Bisowarno Kawula nuwun inggih, dhawuh timbalanipun kanjeng rama kula cadhong ing asta kalih, kacancang pucaking rema, kapeteg ing mustaka dadosa jimat paripih. - Wibisana Anakku ngger, anaku kulup,dak wawas kaya ana wigati tekamu ana ing pratapan candramanik, mara sajarwaa kang cetha dak mirengne kang tetela. - Bisawarno Kawula nuwun-nuwun, boten kadosa kanjeng rama, menggah ingkang dados raosing manah kula boten sanes sapengekripun kanjeng rama saking praja mandhita ing ngriki,, kawula rumaos kidhung labet saking kuthung ing kawruh,menawi kula ningali kaprawiraning para wadya, tuwin kasektening para senapati, punapa dene kawicaksananipun para brahmana,lajeng rumaos ringkih raosing manah kula, dereng pantes kula ngesuhi praja singgela, awit saking punika kados pundi sagedipun kula kineringan ing para wadya bala miwah para senapati tuwin para brahmana kados panjenenganipun kanjeng rama duk ing uni. - Wibisana O, anakku ngger, anaku wong bagus kulup, kaya wis ora kurang-kurang welinge si bapa marang sira, lan manehe si Bapa wis ora kurang-kurang ngger anggone nandur katresnan aneng saindenging praja singgela. Marmane kulup, elinga welinge si bapaya ngger, jumeneng ratu mono kudu bisa hamong, hamot lan hamemangkat. Lire hamong : pangrengkuhmu marang saisining praja dikaya marang atmajanira dhewe, pangrengkuhmu marang brahmana lan marang senapati tuwin para wadya bala dikaya marang kadangira pribadi. Dene hamot : samudra iku dasaring nata, disantosa kaya bumi lire agal alus ala becik kudu kamot. Marma ingaranan hamemangkat: kang demen hanjunjung drajating liyan, lire kudu hanetepi pangandika aja nganti ngoncati basa, lan kang demen hangayomi aja demen netepake kaluputan yen durung ccetha putusaning prakara, mulane narendra kudu bisa manjing agal alus supaya titi paniti priksane marang saisining praja, kang demen tindak utama kudu manembah marang Jawata linuwuh. - Bisowarno Kawula nuwun inggih kanjeng Rama - Wibisana Ngger kulup kaki Prabu, yo mung iku welingingsun marang sira, menawa wus kena kok anggo garan madeg satengahing jagad raya, jagad iki saisine ora bakal wani nyenyamah nyepelakake sira. - Bisowarno Kawula nuwun inggih dhateng sendika, sageda ngestokaken dhawuh timbalanipun kanjeng rama. - Wibisana Kulup, kaki prabu satemene praptanira iki satengah ingsun kang melingke, sumurupa ya ngger, aja kaget atimu kulup dak upamake gegodhongan kang wis nggagang aking mesthi bakal pethil saka uwit, apadene woh-wohan kang wus mateng lan wanci mesthi ya bakal diundhuh dening kang hanandur, semono uga tumitah kang awujud manungsa yen wis teka wancine uga mesthi kapundhut bali dening kang murbeng Dumadi, yektine si Bapa antuk dhawuhing Jawata linuwih menawa ing mengka Bapa bakal kapundhut marang kalengganing urip. (Bisowarno majeng lajeng sendhon tlutur) Wadananira layung kumel kucem rahya maratani o........ - Bisawarno Wadhuh kanjeng rama pepundhen kula, sesembahan kula sinten ingkang dados pangayoman kula menawi kanjeng rama saestu badhe minggah dhateng kasedan jati, kula boten saged kantun, kanjeng rama. - Wibisana Anaku ngger kulup, anaku wong bagus, kaki Prabu wus den cadhong dening Jawata linuwih, sapungkure Bapa sira bakal antuk pangayoman, sira suwitaa marang panjenengane nata Pandhawa, lan manehe ingsung ora bakal pisah lawan sira salawase ana jagad, mula aja sumelang atimu. - Bisowarno Kawula nuwun inggih kanjeng Rama, boten langkung kawula sageda ngestokaken dhawuh timbalanipun kanjeng Rama. - Wibisana Kulup kaki Prabu, aja kesuwen sira ana ngarsaningsun sira enggal baliya marang praja, selak dadi pangarep-arepe wadyanira ing Singgela. - Bisowarno Kawula nuwun inggih kanjeng Rama, punapa boten prayogi kondur dhateng praja kemawon, surudipun kanjeng Rama sageda kula wiwaha ing saprayoginipun. - Wibisana Kulup, kaya ora ana perlune, amarga ya mung panguwasaning jagad dhewe kang bisa hangormati surudingsun marang kasidan, wis ngger enggal sumingkira. ( gangsa mungel ayak-ayak tlutur Bisawarno kaentas mangiwa lajeng kajantur) Kaya jinait penggalihe begawan konta wibisana sapungkure ingkang putra Prabu Bisowarno, sanadyan Prabu Bisowarno tan pae penggalihe kalawan ingkang rama. Bebasan tindakira satindak mangu satindak tumolih, sajroning panggalih kaya rinujit-rujit, kaya ginubah panggalihe Prabu Bisawarno. Waneh-waneh kang rinasa, sarira marlupa lampahe kumleyang kekocohan waspa netrane.nanging dangu sang sayaning dangu pinupus pepuntoning driya, hanut pepesthening Jawata Linuwih, pasrah marang pangwasaning kawasa. Kacarita sapungkure Prabu Bisowarno sang begawan Kontawibisana sedhakep suku juga, ngeningaken pandulu (tangane wibisana sidhakep) Wau ta, wus patrap semedi begawan Kontawibisono saya dadi semedine, jroning cipta datan ana maneh, muhuung hangirup pangwasaning kang raka ditya Kala Kumbakarno kang wus ana ing jaman antara, saka gedhe daya pangribawane begawan Konta Wibisana, kaya datan karasa Ditya Kalakumbakarno prapta kumleyang gereng-gereng. “ Hee..aja kaget dhi, aku kang teka. (mungel srepegan lajeng dados ayak-ayakan Kumbokarno tancep) Gangsa kasuwuk lajeng pthet Nem Jugag Hanjrahing kang puspita rum Kasiliring samirana mrik 0.....sekar gadhung Ko ngas gandanya, o... Maweh raras renaning driya,o......,o.... - Kumbokarno Ora nyana ora ngimpi, Wibisana, aku bisa ketemu karo kowe dhi - Wibisana Nuwun kakang mas, sayektosipun kula ingkang melingeken paduka, kula aturi lenggah ingkangs sakeca - Kumbokarno Hiya, ya, yayi ora nyana ora ngimpi Wibisana, aku bisa ketemu karo kowe, pirang-pirang taun anggonku nupya kowe, lagi iki bisa ketemu dhi. - Wibisana Kawula nuwun kakangmas, kakangmas boten saged pinanggihan kaliyan kula menawi boten kula ingkang ngaturi. - Kumbokarno He, ora kaya-kayaa Wibisana, mulane aku ngupaya kowe yayi, karasa kaluputanku anggonku ora melu manembah marang panjenengane Prabu Ramadewa,ing mangka pangrasaku ora ana nalingsire tindaku kang wus dak lakoni yayi, aku satriya angrungkebi wutah getihku, supradene tumiba ing papa sangsara. O, Wibisana, kowe dak caritani lelakonku yo dhi, samumbulku saka Ngalengkadiraja, bareng karo kakang prabu sakadang arep menyang swarga, teka ing selamatangkeb dibalekake dening Dewa, kon mandheg ing swarga Trantunan. Teka ing kana kakang prabu Dasamuka nutugake kamurkane, mulane aku banjur misah bebasan kaleyang kabur kanginan ana angin ngalor katut ngalor, ana angin ngindul katut ngidul. Jroning atiku kang dak gagas amung kowe Wibisana, ora ana liyane kowe kang bisa ngunggahake aku marang swarga, kepriye karepmu aku manut, kasuwarganku gumantung ana kowe dhi, aku dak maguru marang kowe dhi, aku dak manut sapangrehmu dhi. - Wibisana E ...e kakangmas, pepundhen kula, menggah sejatosipun kakangmas kula welingaken punika badhe kula pitulungi, kakangmas boten perlu ngenget-enget lelampahan ingkang sampun-sampun. Sayektosipun ing wekdal punika jawata ngandhapaken wahyu kamulyaning jagad, sesarengan kaliyan andhapipun wahyu kakangmas badhe saged momor panguwasa, sampun wancinipun kakangmas angsal pitulungan saking panguwasaning Jawata. Kula aturi tindak piyambak dhateng wana Duryapura, kakangmas kula aturi hangadhang wonten margi pra sekawan mangke menawi wonten satriya gung luhur gagah singgah prakosa, tur bagus tanpa cacad menawi lumaksana mawi prabawa maruta kekasih Raden Arya Werkudara kakangmas kula aturi nunggil kaliyan satriya punika, nanging kakang mas hamung saged dumunung wonten wentis, bebasan kakangmas ngemladheyan angganing satuya wau, benjing saged sesarengan minggah dhateng swarga dimulya. (ada-ada greget saut nem lan dhodog kotak) Bumi gonjang ganjing langit kelap kelap katon lir kincanging alis, risang maweh gandrung, o......... - Kumbokarno Whe lha, lego rasaning atiku dhi, yen kaya mangkono wis lilanana aku mangkat dhi, aku dak ngupaya pituduhmu, kariya raharja dhi. - Wibisana Nuwun inggih kakangmas, kula amung ndherekaken raharjaning lumaksana, sageda kinawasa kasembadan ing sedya. (Mungel srepegan,kumbokarno kabedhol mangiwa, sirep lajeng dipun jantur) Kacarita nalika samana, saungkure yitmane Kumbokarno, begawan Konta wibisana kari anggana raras, saya seru pameresing rasa, kang cinipta muhung denira hangundang kadange catur kang dumunung aneng jroning anggo, saking mantheng pamesuning cipta satemah sumuk jroning rasa mahanani getering hudyana ana hoter jumeglug jroning anggo, ngantya konus kadange catur warna,gumleger swarane samya parapteng ngarsa. (Gangsa wudar mantun sirep,sarwi ngedalaken denawa saking badanipun wibisana, dumugi denawa pungkasan srepeg dipun seseg. Srepeg suwuk teras ada-ada greget saut nem) Bumi gonjang ganjing langit kelap kelap katon lir kincanging alis, risang maweh gandrung o...... Wonten punapa dene kula sami katimbalan mangarsa pukulun???( gantos-gantos denawa 4) - Wibisana Hiya, mulane kowe dak timbali sakadang mungguh satemene ing wektu iki wus wancine sira pisah kahanan kalawan ingsun, marma sira padha baliya marang asalira dhewe-dhewe - Denawa Sinten ingkang ngayomi kula pukulun, kula boten saged pisah kaliyan paduka, pukulun( ugi gantos-gantos denawa 4) - Wibisana Sira kabeh aja kleru tampa, mungguh sejatine aku iki dudu pangayomanira,nanging kang dadi pangayomanira yekti panguwasaning kawasa. Sira kabeh lumakua jumujug aneng sukuning gunung mahendra yen ana satriya lumaksana yeku satriya panengah pandhawa iku kang bisa hangasalake sira kabeh, sira mesthi bisa sampurna bali marang hananira kang sejati, wis sira padha mangakata. - Denawa Kulo nok non, nuwun inggih dhteng sendika, sageda hangestokaken dhawuhipun pukulun. - Wibisana Hiya, banget panedhaningsun marang Jawata Linuwih lan ingsung kantheni wulucumbuningsun Ki Lurah Togog lan Sarawita,minangka dadi cucuking lakunira, wis enggal mangkata. (gangsa mungel srepegan, denawa kabedhol mangiwa, dumugi ngelik pungkasan srepeg dipun sirep lajeng kajantur) Kocap kacarita kaya mangkana, saungkure pancadriya kang wus pisah lan anggane Begawan konta Wibisana, sang begawan kari anggana raras, saya mantheng pamelenging cipta, tarlen kang ginayuh muhung denira hamurweng angga, kapareng saka panguwasaning jagad, kadi pinulunga wus ilang saka pandulu, jumeglug ing ngantariksa, mratandhani pakurmataning jagad marang pandhita suci. (gangsa sirep wudar teras dipun sesegaken Wibisana kabedhol moksa, srepeg dipun suwuk , kayon dipun tancepaken debog inggil laceng pathet sanga wantah)

LAKON WAHYU MAKUTHA RAMA

adegan wana duryapura lah ing kana ta wau wus lulus raharja lamapahe para prajurit Ngastina, wau ta nahen ta kang lagya lumaris ora kaya kang ana sajroning alas duryapura, ingkang lenggah munggwing sela kumalasa solahe pindha diradameta. DRD (mungel ldr Diradameta) tansah eling marang panguwasaning kang Murbeng dumadi (mungel ldr eling-eling) anoman medal saking tengen ulap2 terus tancap degob inggil, medal liman situbanda,naga kwara, mahambira saking gawang kiwa gangsa dipun sirep lajeng dipun caritakaken. Hanenggih pundi ta ingkang cinarita, ora kaya kang ana sajroning alas Duryapura sukuning wukir swelagiri, sinten ta ingkang lenggah sangandhaping mandera, munggwing sela kumalasa katon memplak kadi kapuk winusonan, ya iku pandhita ing kendhalisada, kekasih begawan anoman, ya begawan kaipwara ya sang maruti. Sanadyan awujud wanara, sayekti tan pae lan wiku dibya, menebing budi lan wenenging cipta, ngantya bebasan weruh sadurunge winarah. Sinten ta ingkang caket munggwing ngarsa, inggih punika para bayu suta, yeku liman situbanda, garudha winantya peparab sang mahambira, lan nagaraja ing taksakasila awasta sang naga kwara. Catur bayu suta samya pinrih hanjagi pratapan kuttharunggu, para kadang bayu muhung anut pangrehe begawan anoman. Kaya mangkana wijiling pangandika begawan anoman “kene, kadangku kabeh padha majua lungguhmu” Gangsa kasuwuk lajeng ada-ada greget saut nem, lajeng pocapan Ada-ada greget saut nem Ana wre tunggal kagiri-giri Gengnya grak magalak Angkara hambegnya o......... Makikik maringis Petrek cekroh-cekroh kru ra ngrik malirik o..... - Hanoman Mengko ta, Liman Situbanda, paran pawartane anggonira ingsun patah rumeksa gunung kene - Liman Situbanda Iya kakang, wis kalakon aku mubeng mubeng, sedyaku arsa ngalang-alangi saliring janma manungsa, sanadyan para sato kang gedhe lan kang cilik-cilik, wus padha dak gesahi, ora ana kang padha dumunung ing sajroning alas kene. - Hanoman Sokur sekethi jumurung dhi, lha kowe Naga kwara paran pawartane sira ingsung kongkon rumeksa ing alas kene? - Naga Kwara O, iya kakang Begawan, aku iya wus mubeng-mubeng rehne wus ora ana janma kang katon. - Hanoman E ...e.,ya sokur dhi, lha kowe Mahambira, paran pawartane sira kang lagi teka? - Mahambira Iya kakang, aku ,muluk kekalangan ing gegana, nganti adoh panawangku anggonku niti priksa, ora ana katon manungsa kang cedhak alas kene, mung bae bareng aku nedya niyub, ana katon barisan kanthi sawega gegamaning ayuda, yen ora kleru saka panduluku iku barisan sata kurawa, tetindhihe adipati Karno, mengka menawa barisan iku teka ing kene apa dililani munggah apa ora? - Hanoman He..,adhi-adhiku kabeh, handadekna kawruhanmu, mungguh pangandikane Begawan Kesawasidhi sapa bae janma manungsa ora kena munggah ing kutharunggu awit kang diwenangke namapani wahyu kamulyaning praja iku mung satriya kang bareng karo kanugrahane, hawit saka iku yen barisan sata kurawa teka kene kudu dibalekake, yen perlu kudu linawan ing bandayuda. - Mahambira Lha, mangkono kakang, dadi lega rasaning atiku, sabab karuwan kang arep dilakoni Wauta,nembe dumugi semanten begawan miwah para kadang bayu suta nggenya sami reraosan ing reh pangajabing manah, paribasan nginanga dereng ketingal abrit lamunta kecoha durung nelesi bantala, ing mangke datan kadi praptane Nata Ngawangga ingkang hangirid sagung para Kurawa, yenta cinandra yayah gumulunging ombak samodra. Utawi (Saged ngangge Ada-ada gereget saut nem mungel srepegan, kadang bayu suta kabedhol, Karno kawedalaken saking kiwa kagedhog dados ayak-ayakan,tancep debog inggil, anoman dipun tancep debog ngandap,teras suwuk lajeng pathet Nem Jugag) Pathet Nem Jugag Hanjrahing kang puspita rum Kasiliring samirana mrik 0.....sekar gadhung Ko ngas gandanya, o... Maweh raras renaning driya,o......,o.... - Hanoman Nuwun, katuran pasegahan panakrama rawuhipun Prabu Karna dereng dangu - Karno Kakang Anoman ya, dhawuh pangandikanira ingsun tamapani tangan loro, sun pundhi dadiya jejimat, amung pangastutiku katura marang kakang begawan. - Hanoman Nuwun, dhawuh timbalanipun Prabu Karno, kula cadhong ing asta kekalih mugi dadosa cahya mor cahya, nuwun Sang Apatih katuran panakrama? - Sengkuni Inggih sang begawan ,kula tampeni asta kalih dadosa jimat paripih, hamung pangastuti kula katura. - Hanoman O, inggih Sang Apatih, kula tampeni asta kalih mugi henggetihana satetes hadinggana satampel, mewahana bawaleksana. Mangke ta Prabu Karno, rawuh paduka ing ngriki punika badhe hambebedhag buron wana, punapa badhe tedhak lelana kewala? - Karno Iya kakang, handadekna kawruhanira, satemene kepasang yogya, anggoningsun ketemu lawan sira amarga praptaningsun iki dinuta dening yayi parbu Duryudana kinen munggah marang Kutharunggu hanyataake wasitaning jawata, menawa ing wektu iki jawata ngudhunake wahyuning kraton, lan ing kutharunggu kena ana pandhita kang hangasrama, mula menawa kakang Anoman sarujuk ing penggalih rinta larapna ingsung mring ngarsane Sang Wiku dibya. - Hanoman Nuwun inggih handadosna kawuningan Prabu Karna, mapan kasinggihan dhawuh timbalan paduka punika, kepara yektos bab wasitaning jawata punika, sarta kula ugi kadhawuhan rumeksa ing wana ngriki, nanging mugi sampun handadosaken rengating penggalih paduka, yektosipun boten sadhengahing janma manungsa ingkang kepareng minggah dhateng Kutharunggu, mila kula aturi wangsul kewal matura ing ngarsanipun Parbu Duryudana boten perlu minggah ing Kutharunggu tiwas tanpa damel. Lajeng ada-ada greget saut nem Krida muntab lir kinetab Jaja bang mawinga-wengis Kumedhot pedhoting lathi o........ Netra kocak ngondar andir Branang kembang wora wari bang o... - Karno Ya jagad dewa bathara, keparat, kakang Anoman, aku iki sawijining senapati kang dinuta dening Ratu, teka sira wani hambalekake yen wis tugel gulune Prabu Karno menawa lagi kelakon. Tak kira iku iya mung kagawa saka dhasarira wanara, anggonira tan weruh ing ngedur, kakang Anoman minggata aja ngalang-alangi dalan, yen ora gelem minggat tugel gulumu kelakon! (lajeng ada-ada greget saut Nem) Kagyat risang kapirangu Rinangkul kinempit-nempit Duh sang retnaning bawana,O...... - Hanoman He, mangke ta Prabu Karno, Paduka sampun kangengan duka ing kula, taksih wiyar jajanipun Anoman, paduka mameraken banthenging senopati kang dinuta dening ratu, sanadyan kula punika asor, nami pandhita ingkang sampun nyagemi dhawuhing jawata kinten-kinten boten miris dipun senggara macan dening Parbu Karno. Ora biyen ora saiki ora pisan ora pindha panggonan nek wes ketekan kurawa dadine pancakara. He...Prabu karno cilik lara gedhene tumeka pati Anoman ora bakal nglicati janji,Leganing atiku, ayo kurawa aja maju ijen, majua bareng yen Anoman mundur sajangkah, lakno tatu arang kranjang!! - Karno E,babo-babo , keparat ....bocah Ngastina cekelen Anoman!!!!! (Lajeng srepegan perang kurawa lan Bayusuta, kurawa sami kawon, arya Dursasana tancep, gansa suwuk lajeng ada-ada) - Dursasana E –he-he, dudu karepe dhewe, kewan-kewan padha ngamuk, bocah kurawa ora ana sing bisa ngrampungi gawe, padha mundura, klaon ana ula dak beset, dak nggo sabuk kulite (Gangsa srepegan, Dursasana majeng kapapagaken Garudha Mahambira, dursasana kawon. Medal prabu Karno tancep, gangsa kasirep) - Karno Adhi-adhiku sata kurawa mundura, mundura, yen ora Prabu karno ora ana kang bisa ngrampungi gawe, dak lepasi Kyai Wijayadanu sirna dening aku! (gangsa sampak, para kadang bayu suta sami mundur, begawan Anoman mumbul nggegana, Karno nglepasaken Wijayadanu, dumugi ngawiyat kasaut dening Anoman, prabu Karno mulat lajeng ambruk kantaka,sampak kagedhog dados ayak-ayakan tlutur lajeng kasirep sengkuni medal teras ngrangkul Prabu Karno.) - Sengkuni Wadhuh, putra kula ngger, anak prabu wonten punapa lajeng paduka kantaka?kula aturi enget ngger kula aturi enget nger. - Karno Wadhuh, pejah kula Paman, tanpa tuwas kula tumitah ing madyapada, haluwung wangsul dhateng kamuksan. - Segkuni Nuwun wonten punapa ngger? - Karno Kyai Wijayadanu kula lepasaken dumugi ngawiyat kasaut kabekta oncat dening Anoman. Menawi kula gesang tanpa Wijayadanu haluwung kula pejah Paman. (Gangsa kasuwuk, dipun suluki sendhon tlutur.)

LAKON WAHYU MAKUTHA RAMA

Adegan paseban jawi Ada-ada greget saut Nem utawi ada-ada obong dupa Kukusing dupa kumelun Ngeniken tyas sang apekik Kawengku sangung jajahan o.................. Nanging sanget hangikibi Sang resi kaneka putra Kang hanjlok saking wiyati o.................... (limbuk cangik dipun bedhol manengen teras nyepeng kayon) utawi Tansamar pamoring suksma Sinuksmaya winahya ing asepi Sinimpen telenging kalbu o................... Pambukaning warana Tarlen saking liyep layap ing aluyup o.......... (Mungel srepeg nem lajeng medal patih sengkuni sanking gawang tengen teras bala kurawa saking kiwa lan kartamarma saking tengen,menawi sampun tancep sedaya srepeg dipun suwuk teras ada- ada nem) Ada- ada nem sigra bala kang tumingal prangcampyuh samya medali lir tathit wilething ganda dhayang gung manguncang niti O.................... benjang sang aji mijil ngedali wu wus trusta wilaga kaya buta singa wregil o.............. - Dursasana Man harya man sengkunii, panjenengan lenggah dhampa Dursasana nungsung kabar lha, i..hah, hah, hah. Man Haryo panjenengan ingkang miyos Dursasana nyadhong pawartos. Man sengkuni panjenengan medal njawi ingkang putra nyadhong warti, mangga tumunten paring dhawuh man, - Jayadrata Paman patih harya sengkuni , nadyanta ingkang putra ing talatah sindu, raden tirtanata ugi nungsung pakabaran, lajeng wonten dhawuh punapa saking kaka prabu Duryudana - Aswatama Nadyan ingkang putra ing padhanyangan, pun Swatama ugi nyadhong katrangan wonten dhawuh punapa saking ingkang sinuwun prabu Duryudana, paman. - Durmagati Lhah....man...kula pun Durmagati nyadhong timbalane Paman, yak napa kabare Man? - Sengkuni Aku iki gumun marang anak-anaku kurawa bocah pirang-pirang kok padha duwe slaga dhewe-dhewe, Dursasana mbarok, citraksi lan citraksi pekok, durmogati ngeyel, gek sapa pimpinane?kuwi - Dursasana Oalah man, tiyang sejagad niku pun nekseni yen para kurawa niku sing mimpin panjenengan, mula dha ting cruwil, ra genah kabeh, wong bola bali panjenengan kok man, man. - Sengkuni Aku meneh, ingsun iki kurang piye, hemmm coba gagasen esuk sore awan bengi, ki pak mu cilik, ki merjuangke jeneng sira kabeh, hemmm. - Dursasana Merjuangke napa?man, man, man, jenengan kok merjuangke niku dek dina napa, tahun pinten? - Sengkuni Ahhhh...crigis ora isa meneng tak pathak watu raimu sisan kowe mengko - Dursasana" Lha wahyu kok di buktekeniku sing nyatakake pripun ta man?wong sak ngertos kula wahyu menika barang ghaib kok man. - Sengkuni Ngene yo ngger, wahyu ingkang bakal tumurun ing gunung kutharunggu iki mengko amung mujudake piwulang kaprajan pepakeming swargi prabu ramawijaya ing nguni, kang bakal winedharaken dening salang sawijining pandhita kang kesdik paningale - Dursasana o...ngaten? - Sengkuni Mula kang saka iku ngger sira sak adhimu kabeh ing dina iki, dening ingkang sinuwun kadhawuhan ndherekake tindhake ingkang raka ing ngawangga prapteng gunung swelagiri ya ing kutharunggu, ayo mumpung dina iki isih wayah esuk padha predandana, kencengana anggonmu dandan. - Dursasana Inggih paman sendika ngestokaken dhawuh - sengkuni Anaku ngger kartamarma enggal metua ing jaba nembanga tengara budhalan - kartamarma kawula nuwun inggih sendiko ngetokaken dhawuh (Kartamarma medal ing jawi, dipun suluki ada-ada budhalan mataraman.) Enjing Budhal Gumuruh Saking njroning praja Gung ing kang balakuswa Abra busananarira lir suya wedhali ira Saking jalanidhi arsa madhangi jagad Duk mungup-mungup aneng sapucaking wukir, o..... Lah ing kana ta wau, Raden kartamaram sampun nemabang tengara. Wau ta, untabing wadya bala saking ngastian gung gumuruh swaraning bendhe tinatab, gong maguru gangsa, kateteg kaya butul-butula, untabing wadya tinon saking mandrawa kaya singa nebah candrane ( mungel lancaran singa nebah), kadya mayar sasra bareng neba (manyar sewu), kaya rabbing jalanidhi pasang (Srepeg Nem) Ada-ada mataram (perang ampyak) Rikat lampahing rata tanpantara Prapteng sukuning arga Eram tumingale, pakuwon asrine, o........ Nendheng saengga paraja Umyung kang pradangga Busekan kang wadya, o....... He..he..he..kanca alon, alon mandheg dhisik, mandheg dishik lha iki ana apa, iki ana apa, lakune baris ngarep mandheg mburi neseg, ayo sing rawe rawe rantas , sing malang malang diputtuung, wong suwidak bareng nebak, wong satus bareng nggebrus, wong sewu bareng maju, mara, mara, mara, hayo, hayo, hayo, hara, hara..... (Teras mungel srepeg nem perang ampyak) Bibar perang ampyak lajeng pathet kedu kayon dipun tancepaken debog ngandap mangiwa Pathet kedu Myat langening kalangyan Aglar pandam muncar, o..... Tinon lir kekonang Surem sorote tan padhang Ka sor lan pajaring, o, o....... Purnameng gegana, o...... Dhasare mangsa ketiga o...., hima hanawengi ring u jung ancala se nen akarya wigena, o miwah sining wana, o.....,o..... wreksa gung tinunu, o

LAKON WAHYU MAKUTHA RAMA

Adegan kedhatonan limbuk cangik Lah ing kana ta wau wus raharja tindhake srinata kondhur angedaton, nahen ta kang lagya lumaris ora kaya kang ana ing dhatulaya sang sri supadniwara anganti kondurira srinata kadya kembang maneka warna (puspowarno), lamuncinandra pindha wanita kang nandang asmara ( asmaradhana) Cangik medal saking tengen joged, dipun lajengaken limbuk medal saking tengen tiba gong

LAKON WAHYU MAKUTHA RAMA

LAKON WAHYU MAKUTHA RAMA Janturan: Pambuka wiwaraning carita, caritane kang ringgit purwa, purwanira carma, welulang cinorek,tinatah,sinungging rineka jalma. Jamane para walinyolah ulah rehing agama, agamemaning budi luhur. Kelir digelar minangka dadi sarana irah-irahing jagad gumelar, gelare warna putih, putih iku mengku surasa suci,tegese, gelaring jagad iku duweni sifat suci,ora kalepotan mring dedosa, anane dosa merga saka pokaling manungsa. Debog minangka bumi, blencong dadi lantaran pepadhanging jagad yaiku gegambaraning srengenge kelawan rembulan, gedhog kelawan keprak ibarat keketeging jejantung, dene gendhing kelawan tembang ingkana ngambarake lakuning manungsa bungah kelawan susah. Dalang minangka dadi dutaning Gusti ngolahna wayang, wayang minangka pralampita wewayange wong urip sarta gegambarane pakarti yaiku pakartanine manungsa,ingkang ingkana nggambarake pakarti ala kelawan pakarti bagus. Ingkang ala bakal antuk pidana, ingkang bagus bakal pikantuk nugraha. Mula aja ndhisiki ala awit sapa sing ndhisiki ala mesthi wahyune bakal sirna. Sirnaning wayang esuk dikukut mlebu kotak ora beda kaya manungsa, mung bedane, wayang manjing kotak sesuk bisa dienggo maneh,ning jalma manungsa yen wis mlebu kotak yekti bakal pikantuk pangadilan suci saka Gusti Ingkang maha kawasa. Lindhing dongeng mangkana. Mulane ingkana bakal ngerti sejatine bandha dunya, pangkat drajat kuwi ora aji, apa kang aji? Yaiku amal soleh, pakarti kang luhur ingkang migunani mring bebrayan. Swuh rep data pitana anenggih negari pundi ta ingkang kaeka adi dasa purwa. Eka wilangan siji, adi luwih dasa wilangan sepuluh, purwa kawitan, sanadyan kathah titahing dewa ingkang kaungkulan ing akasa, kasangga ing pratiwi, kaapit ing samudra kathah ingkang sami anggana raras, boten kadi nagari Ngastina ya ing Gajahhoya. Sinten ingkang ngasta pusaraning nagari Ngastina jejuluk prabu Duryudana, ya nararya Jakapitana, narpati Jayapitana, Maharaja Gendarisuta, Sri Bupati Kurupati ya Prabu Suyudana. Sinegeg nalika samana nuju hari respati Sri nata miyos siniwaka munggwing sitinggil binata rata, lenggah ing dhampar denta ingkang pinalipit ing retna, pinatik ing kumala, lelemek babud pramudani, sinebaran sari ginanda wida lisah jebat kasturi den ayap para badhaya srimpi. Sinten ta ingkang lenggah munggwing ngarsa nata, yekti punika pandhita ing sokalima akekasih Dhayang Druna, ya Resi Kumbayana,pandhita putus marang saliring saniskara anrang westhi, datan kasmaran marang mobah mosiking manungsa. Dene ingkang lenggah radi kepering punika narendra ing Ngawangga jejuluk Narpati Basukarno, yo surya atmaja, senopati gedhik manggalaning perang kinarya tanggulaning pakewuh, dhasar satriya dedeg pidegsa sumunar mawa cahya yayah lintang panjerina. Dene ingkang lenggah kaparing ngayun, lah, punika sang patih wasesaning praja satriya ing plasa jenar awasta patih Sengkuni ya Raden harya Suman. Ing wuntat pilenggahe Raden Kartamarma, pangeran ngiras paniti sastra tur lebda marang olah pranataning praja. Ing pagedhongan Sri nata anggalih wasitaning jawata ingkang kawursita ing pasupenan,inggih punika wahyuning karaton ingkang dumunung sapucaking wukir swelogiri. Makten sabda pangandikanira ingkang dereng kawedar ing lesan. - Prabu Duryudana Hyang suksmana adi luwih payungana marang jenenginsun, mangke ta Bapa, Bapa pandhita ing sokalima sak rawuhipun Bapa ing sitinggil kula ngaturaken pasegahan pambgya panakrami Bapa - Durna o..lole lole empritgantil buntute omah joglo, andheng - andheng ana mata yen di pandeng saya tresna . oh..inggih ngger pambgya nipun angger prabu sampun kula tampi mboten langkung ingkang bapa tansah cumadhong dhawuh kulo nok nok non - Prabu Duryudana Bapa Durna inggih, dipun prayogakaken anggen jengandika lenggah bapa - Durna Oh...nggih mboten kirang prayogi lenggahipun bapa ing sokalima - Prabu Duryudana Nuwun mangke kaka prabu, kaka prabu ing Ngawangga sak rawuh paduka ing pandapi agung negari Ngastina , kula ngaturaken pambagya panakrami, kaka prabu - Prabu karno Kawula nuwun inggih yayi prabu, pambagyanipun yayi prabu sampun kula tampi wangsul ingkang pangandika puja pangastawa kula mugi konjuka paduka yayi. - Prabu Duryudana Nuwun inggih kakang dipati, pangastawanipun kakang dipati kula peteg ing pranaja mugi anyembuhana dhateng bgya kayuwanan kula, mboten langkung mugi dipun prayogakaken lenggah, kakang dipati - Prabu karno Kawula nuwun inggih yayi, mboten kirang sakeca lenggahipun rakanta ing ngawangga - Prabu Duryudana Mangke ta paman, paman harya ing kepatihan, paran pawartane para kawula manira ing Ngastina, para wadya bala, para kawula ing karang padesan apa padha kanthi karaharjan? - Patih sengkuni Kawula nuwun, kawontenanipun para wadya bala sadaya sami sayuk sumuyud sahiyeg saeka kapti ngangkat karyaning praja, para kawula ing padhusunan ugi sami karaharjan, kawula nuwun -nuwun. - Prabu Duryudana Sokur sekethi jumurung paman, yen para kawula manira padha karaharjan, nuwun Bapa ing sokalima kula aturi majeng anggen jengandika lenggah badhe kula jateni wigatosipun pasewakan. - Durna o..kula nok non, kawula nuwun inggih datheng sendika lajeng dipun suluki pathet Nem jugag ( Duran dipun manjenganken lenggahipun) Hanjrahing kang puspita rum Kasiliring samirana mrik 0.....sekar gadhung Ko ngas gandanya, o... Maweh raras renaning driya,o......,o.... - Prabu duryudana Mangke ta bapa pandhita ing sokalima, hanjawi anggen kula lenggah siniwika, milanipun jengandika kula piji mangarsa boten sanes ingkang kula rembag amung wasitaning jawata ingkang kawursita ing salebeting pasupenan. Ujaring wasita, wekdal punika jawata ngandhapaken wahyuning karaton dumunung ing sapucaking wukir swelagiri inggih ing kutharunggu, ing ngriku wonten pandhita kaelokaning jawta jejuluk begawan kesawa sidhikepareng hambabaraken pepakemipun prabu Ramadewa duk ing uni. Ujaring wasita, para narendra, senapati miwah para satriya ingkang saged nampeni pepakem wau badhe saged hanurunaken darah paku ningrat. - Durna o...lole lole samarate emprit gantil butute omah joglo, dhawah kaluhuran dhawuh timbalan padhukendra. Nuwun, saderengipun ingkang sinuwun paring dhawuh, sumengkaning manah kawula kumedah anggen kawula badhe munjuk inggih bab wahyuning karaton wau, awit pun bapa ugi tampi wasitaning jawata ingkang boten siwah sarambut kaliyan dhawuh pangandikanipun ingkang sinuwun, lajeng karsa parabu kados pundi, kula nok non. - Prabu Duryudana Bapa, menggahing kula, kula badhe lumampah piyambak hanyatakaken wasitaning jawata wau - Durna o..kula nok non, kajawi keparengipun ingkang sinuwun, punapa mboten langkung prayogi angutus salah satunggaling senapati hanyatakaken wasita wau, mangke menawi sampun kapara nyata, kula amung mangayubagya ingkang sinuwun nyarirani nyuwun tumuruning ponang wahyu, awit menawi paduknedra nyarirani sapunika mangke dumugi ing purug boten nyata punika kirang prayogi, kula nok non - Prabu Duryudana Kasinggihan atur jengandika bapa, amung sinten ingkang pantes kula utus dhateng kutharunggu ingkang boten nguciwani - Durna o..kula nok non, kajawi keparengipun ingkang sinuwun, boten wonten malih ingkang prayogi, saking pamawasipun pun bapa hanjawi raka paduka putra kula menika anak prabu ing ngawangga ingkang pantes dados dutaning nata, awit sampun kapracihna dados bebanthenging senopati ingkang sampun nate mungkasi karya,kula nok non - Prabu duryudana Leres atur jengandika bapa, kakang Narpati nempil pamanggih - Prabu karno Nuwun inggih yayi prabu, jejering prajurit sesanggemanipun muhung manut reh prentahing ratu, rakanta ing ngawangga punika bebasan munggwing gandhewa ingkang pinenthang sawanci- wanci linepasaken pundi enering lesan tartemtu badhe lumarap boten badhe suwaleng kayun. Kanthi bingahing manah rakanta badhe ngestoaken ingkang dados dhawuhipun yayi prabu, lajeng mbenjang punapa rakanta kepareng bidhal sarta punapa kalilan ambekta kanthi yayi?. - Prabu Duryudana Kakang dipati enggih, kula lilani budhal dinten punika, tuwin kula kantheni paman Harya ing kepatihan miwah para kadang sata kurawa - Prabu Karno Kawula nuwun, mboten langkung kula amung nyuwun pangestu raharjaning lumaksana, wiwit saking ngarsanipun yayi prabu ngantos dumugining purug, tuwin sageda kasembadaning karsa, kawula nuwun-nuwun - Prabu duryudana Kakang dipati enggih, sapengker jengandika kula badhe nyeyuwun ing bathara sampun ngantos wonten sakara-kara ing margi, kula amung nyangoni raharjaning lampah. - Prabu karno Nuwun Bapa ing sokalima, kula nyuwun pangsetu raharjaning lampah Bapa - Durna o...inggih ngger , kula amung ndherekaken raharjaning lumaksana, sampun ngantos wonten sakawis-kawis ing margi, saha sageda kasembadaning sedya ( prabu karno kaentas mangiwa dipun suluki ada-ada girisa,saged ugi ngangge srepeg nem) - Prabu Duryudana Mengko ta paman, paman harya ing kepatihan, nora lidhah sinambung banyu tinalang, paman harya aja wedi kangelan, pakenira metua ing jaba, dhawuhna marang anak anak ira sata kurawa kang padha anggantung laku, dhawuhna ndherek tindhake kakang adipati marang kutharunggu, apa dene pakenira uga ngawat awatana tindhake kakang dipati, wis paman enggal budhala. - Patih Sengkuni Kawula nuwun inggih dhateng sendika, terang dhawuh timbalanipun ingkang sinuwun, pun paman amung nyuwun pangestu raharjaning lampah - Prabu Duryudana Paman harya enggih, banget panedha manira aja ana sakara kara ing dalan, mangke ta Bapa, Bapa Pandhita ing sokalima sumawi kula aturi lelungsen pepanggihan kaliyan putra jengandika yayi ratu. - Durna o... inggih sinuwun, boja krama pinanggih wingking, kasesa lampah kula badhe mantuk dhateng ing sokalima kula badhe anjujug ing sanggar pamelengan, nyuwun sih ing bathara linangkung sageda kasembadan karsanipun Gusti kula ingkang sinuwun. Lah ing kana ta wau, wus titi pangandikane Srinata Ing Ngastina marang pandhita ing sokalima tuwin sang mantri muka, sri nata laju kondur hangedhaton, para biyada parekan ingkang ngampil upacara nata wus tanggap ing cipta sasmita, padha nyandhak ampilane dewe-dewe, srinata jumeneng saking palenggahan dhampar denta, horeg para mantri buapati samya kurmat kondurira srinata pyak tangkep ing wuri ( ayak-ayak nem), kanthi muji syukur (ketawang suka syukur), jengakring Sang nata katingal gegleyongan pepadane (ldr. Gleyong) Adegan kedhatonan limbuk cangik Lah ing kana ta wau wus raharja tindhake srinata kondhur angedaton, nahen ta kang lagya lumaris ora kaya kang ana ing dhatulaya sang sri supadniwara anganti kondurira srinata kadya kembang maneka warna (puspowarno), lamuncinandra pindha wanita kang nandang asmara ( asmaradhana) Cangik medal saking tengen joged, dipun lajengaken limbuk medal saking tengen tiba gong Adegan paseban jawi Ada-ada greget saut Nem utawi ada-ada obong dupa Kukusing dupa kumelun Ngeniken tyas sang apekik Kawengku sangung jajahan o.................. Nanging sanget hangikibi Sang resi kaneka putra Kang hanjlok saking wiyati o.................... (limbuk cangik dipun bedhol manengen teras nyepeng kayon) utawi Tansamar pamoring suksma Sinuksmaya winahya ing asepi Sinimpen telenging kalbu o................... Pambukaning warana Tarlen saking liyep layap ing aluyup o.......... (Mungel srepeg nem lajeng medal patih sengkuni sanking gawang tengen teras bala kurawa saking kiwa lan kartamarma saking tengen,menawi sampun tancep sedaya srepeg dipun suwuk teras ada- ada nem) Ada- ada nem sigra bala kang tumingal prangcampyuh samya medali lir tathit wilething ganda dhayang gung manguncang niti O.................... benjang sang aji mijil ngedali wu wus trusta wilaga kaya buta singa wregil o.............. - Dursasana Man harya man sengkunii, panjenengan lenggah dhampa Dursasana nungsung kabar lha, i..hah, hah, hah. Man Haryo panjenengan ingkang miyos Dursasana nyadhong pawartos. Man sengkuni panjenengan medal njawi ingkang putra nyadhong warti, mangga tumunten paring dhawuh man, - Jayadrata Paman patih harya sengkuni , nadyanta ingkang putra ing talatah sindu, raden tirtanata ugi nungsung pakabaran, lajeng wonten dhawuh punapa saking kaka prabu Duryudana - Aswatama Nadyan ingkang putra ing padhanyangan, pun Swatama ugi nyadhong katrangan wonten dhawuh punapa saking ingkang sinuwun prabu Duryudana, paman. - Durmagati Lhah....man...kula pun Durmagati nyadhong timbalane Paman, yak napa kabare Man? - Sengkuni Aku iki gumun marang anak-anaku kurawa bocah pirang-pirang kok padha duwe slaga dhewe-dhewe, Dursasana mbarok, citraksi lan citraksi pekok, durmogati ngeyel, gek sapa pimpinane?kuwi - Dursasana Oalah man, tiyang sejagad niku pun nekseni yen para kurawa niku sing mimpin panjenengan, mula dha ting cruwil, ra genah kabeh, wong bola bali panjenengan kok man, man. - Sengkuni Aku meneh, ingsun iki kurang piye, hemmm coba gagasen esuk sore awan bengi, ki pak mu cilik, ki merjuangke jeneng sira kabeh, hemmm. - Dursasana Merjuangke napa?man, man, man, jenengan kok merjuangke niku dek dina napa, tahun pinten? - Sengkuni Ahhhh...crigis ora isa meneng tak pathak watu raimu sisan kowe mengko - Dursasana Njih sumangga paring dhawuh man - Sengkuni Mengko to anak-anakku sata kurawa kabeh wae, dina iki ingkang sinuwun anak prabu Duryudana kepareng bakal anggayuh tumuruning kanugrahan awujud wahyuning kaprajan, kanthi pangajabing anak prabu lamunta bisa kaleksanan nggayuh nugraha, ing temeb bisa nguwohake para ratu pakuningrat kang bakal bawana run temurun, tangkar- tumangkar ingkas miyos saka turuning anak prabu. Ya ngelingi ingkang raka iku sipating nalendra mula sadurunge tindak nggayuh wahyu,luwih dhsik utusan marang ingkang raka ing ngawangga saperlu buktiake wangsiting dewa luwih dhisik. - Dursasana Lha wahyu kok di buktekeniku sing nyatakake pripun ta man?wong sak ngertos kula wahyu menika barang ghaib kok man. - Sengkuni Ngene yo ngger, wahyu ingkang bakal tumurun ing gunung kutharunggu iki mengko amung mujudake piwulang kaprajan pepakeming swargi prabu ramawijaya ing nguni, kang bakal winedharaken dening salang sawijining pandhita kang kesdik paningale - Dursasana o...ngaten? - Sengkuni Mula kang saka iku ngger sira sak adhimu kabeh ing dina iki, dening ingkang sinuwun kadhawuhan ndherekake tindhake ingkang raka ing ngawangga prapteng gunung swelagiri ya ing kutharunggu, ayo mumpung dina iki isih wayah esuk padha predandana, kencengana anggonmu dandan. - Dursasana Inggih paman sendika ngestokaken dhawuh - sengkuni Anaku ngger kartamarma enggal metua ing jaba nembanga tengara budhalan - kartamarma kawula nuwun inggih sendiko ngetokaken dhawuh (Kartamarma medal ing jawi, dipun suluki ada-ada budhalan mataraman.) Enjing Budhal Gumuruh Saking njroning praja Gung ing kang balakuswa Abra busananarira lir suya wedhali ira Saking jalanidhi arsa madhangi jagad Duk mungup-mungup aneng sapucaking wukir, o..... Lah ing kana ta wau, Raden kartamaram sampun nemabang tengara. Wau ta, untabing wadya bala saking ngastian gung gumuruh swaraning bendhe tinatab, gong maguru gangsa, kateteg kaya butul-butula, untabing wadya tinon saking mandrawa kaya singa nebah candrane ( mungel lancaran singa nebah), kadya mayar sasra bareng neba (manyar sewu), kaya rabbing jalanidhi pasang (Srepeg Nem) Ada-ada mataram (perang ampyak) Rikat lampahing rata tanpantara Prapteng sukuning arga Eram tumingale, pakuwon asrine, o........ Nendheng saengga paraja Umyung kang pradangga Busekan kang wadya, o....... He..he..he..kanca alon, alon mandheg dhisik, mandheg dishik lha iki ana apa, iki ana apa, lakune baris ngarep mandheg mburi neseg, ayo sing rawe rawe rantas , sing malang malang diputtuung, wong suwidak bareng nebak, wong satus bareng nggebrus, wong sewu bareng maju, mara, mara, mara, hayo, hayo, hayo, hara, hara..... (Teras mungel srepeg nem perang ampyak) Bibar perang ampyak lajeng pathet kedu kayon dipun tancepaken debog ngandap mangiwa Pathet kedu Myat langening kalangyan Aglar pandam muncar, o..... Tinon lir kekonang Surem sorote tan padhang Ka sor lan pajaring, o, o....... Purnameng gegana, o...... Dhasare mangsa ketiga o...., hima hanawengi ring u jung ancala se nen akarya wigena, o miwah sining wana, o.....,o..... wreksa gung tinunu, o
 
Top