Adegan partapan Kutharunggu Lah ingkana taw wau wus lulus raharja lampahe Raden Arjuna, denirasa minggah mring sapucaking wukir swelagiri, nahen ta kang lagya lumaris gantya ingkang cinarita kang aneng pratapan Kutharunggu yeku pandhita kaelokaning jawata jejuluk begawan kesawasidhi, nalika samana sang begawan lagya lenggah munggwing pacabrakan anampeni pisowanira begawan Anoman,prapta mundhuk-mundhuk pinaringan lenggah munggwing ngarsane begawan kesawasidhi, kaya mangkana wijiling pangandika begawan kesawasidhi. - Kesawasidhi Anoman paran sira padha raharja? - Anoman Kawula nuwun, angsal pangetsunipun sang panembahan raharja lampah kula, amung pangabekti kula konjuk sang panembahan - Kesawasidhi Iya anoman, pangabektinira ingsun tampani, menawa ana luputira wis ora dadi apa, mung pangestuningsun tampanan. - Anoman Kawula nuwun, dhawuh timbalanipun sang panembahan kawula cadhong asta kalih, mugi dadosa jimat paripih. - Kesawasidhi Anoman, kadi paran pawartane nggonira sung kongkon rumeksa gunung kene? - Anoman Nuwun kawuningana, sampun kalampahan kawula sakadang anjagi sukuning swelagiri, namung wonten sagolonganing prajurit saking ngastina tetindhih dipati Karno nedya minggah dhateng kutharunggu, kula penggalang kepeksa adreng, wasana dados pancakara, nanging temahan korawa sami bibar mawut, namung Prabu Karno mangkrak krodanipun temah anglepasaken wijayadanu wasana kenging kawula saut, punika wujudipun mugi konjuk sang panembahan. - Kesawasidhi Coba sun pariksane,apa kepara nyata lamun kyai wijayadanu. (pathet jugag) Jahning yahning talaga kadi langit Mambang tampas wulan upamaneka o..... Wintang tulya kusuma panjrah sumawur o..... - Kesewasidhi E, e ya jagad dewa bathara, kepara nyata iki wasiyate prabu Karno, mungguh kang dadi karepira kepriye Anoman? - Anoman Kawula nuwun, kawuningana panembahan, menggah ing pikajeng kula mangke menawi wonten salah satunggaling kadang pandhawa ingkang marak mriki mugi keparingaken, wigatos amewehi kekiyataning kadang pandhawa, murih tansah kajen keringan dening para narendra mancanagari. - Kesawasidhi E, e ya jagad dewa bathara, jagad pramudita, teka kaya bcah cilik panemunira iku Anoman, yen saka pandugaku pandhawa nora kersa anampeni marang pawehmu kang nistha iki, sebab, wong melik marang darbeking liyan iku arane nistha Anoman, nanging yektine mengko yen ana kang prapta kene. Wau ta, eca denira imbal wacana, kasaru praptane sang dananjaya. (mungel ayak-ayakan) lajeng pathet manyura jugag Jahning yahning talaga kadi langit Mambang tampas wulan upamaneka o..... Wintang tulya kusuma panjrah sumawur o..... - Kesawasidhi Teja teja sulaksana ing wuri ngendi kang pinangka, ngarep endi kang si sedya, tigas kawuryan sapa sinambating wewangi? - Arjuna Kawula nuwun, menawi sang panembahan andangu kawula saking praja Ngamarta,sedya kawula hanuhoni wasitaning Jawata badhe nyuwun andhaping wahyu karajan ingkang sinebat wahyu Makutharama. Dene wasta kula ingkang sami purun amastani pun Arjuna, inggih Dananjaya. Punapa ing ngriki punika ingkah wasta pratapan Kutharunggu sarta punapa paduka ingkang jejuluk Begawan Kesawasidhi? - Kesawasidhi Arjuna, kaya wus ora kleru mungguh pangucapmu iku, paran maragane sira prapta ing kene, amarga luwih gawat keliwat liwat dalan kang anjog ing kene, sarta sira apa ora kataman guntur patang prakara? - Arjuna Kawula nuwun sang panembahan, dhawah kaluruhan dhawuh pangandika paduka, ananging gawat ewuhing margi punika saged kula lampahi kalayan kencenging tekad, tumanduking guntur saged sirna dening santosaning budi. - Kesawasidhi Hong sang hyang jagad wisesaning tunggal, kulup Arjuna, sayekti mung sira kang kinawasa anampeni wahyuning praja, mara kulup iki tampanana wujude jemparing aran Kyai wijayadanu,wasiyate kakangira Prabu Karna, ing besuk dadi sarana ungguling prang Baratayuda, kang wusanane bisa ngukup kamukten ing prja Ngastina. - Arjuna Dhuh sang panembahan, sakathahing lepat kula amung nyuwun deduka, menawi yekti punika ingkang nama wahyuning karaton, katimbang kula nglampahi nistha aluwung kyai wijayadanu katamakna dhateng jajanipun Arjuna, sageda sirna ing sapalenggahan punika. - Kesawasidhi Anoman, apa sira miyarsa ucape Arjuna? - Anoman Kawula nuwun san panembahan, sakalangkung rumaos kalepatan kawula, boten langkung namung nyadhong deduka. - Kesawasidhi Anoman, kaya wus rampung ing karyanira, marma sira wus ingsun lilani bali lawan kadang-kadangmu bayu suta, ora liwat ingsung mung nyangoni basukaning lakunira. - Anoman Kawula nuwun, sanget ing pamundhi panuwun kula panembahan,kantuna raharja. (mungel ayak-ayakan anoman sembah kabedhol mangiwa) Ayak-ayakan suwuk lajeng pathet jugag Jahning yahning talaga kadi langit Mambang tampas wulan upamaneka o..... Wintang tulya kusuma panjrah sumawur o..... - Kesawasidhi Arjuna, sayekti ya mung sira kang kinawasa angasta kuncining kamulyan, iya saka anggonira anetepi sembadaning wiratama, sarta teteping kasusilan.mara mirengna sun wartani mungguh kang diarani pepakem Makutharma iku nora wujud, ananging mung sipat wawangson.mulane ingaran pakem makutharama, surasane pepakem iku dianggep makuthaning karajan dening prabu Ramadewa ing nguni, ingaranan Asthabrata. Tegese : sapa bae kang jumeneng Ratu yen ora bisa netepi Asthabrata, nora kena ingaran ratu kang mawa makutha, nanging kosok baline nadyan wong lumrah yen bisa anetepi Asthabrata yeku den anggep manungsa kang mawa makutha. - Arjuna Kawula nuwung inggih panembahanm lajeng keparenga andhawuhaken dhteng pun Arjuna. - Kesawasidhi Arjuna, mangkene mungguh wejange, marma aran Asthabrata, astha iku wolu, brata iku laku. Laku wewolu kang tuwuh saka gumelaring jagad iki, kang kudu dadi dhasaring Ratu,lire mangkena Arjuna: 1. Narendra kudu bisa nuhoni wataking surya, pakartine : bisa hamadangi jagad raya lan hanguripi sagung dumadi. - Arjuna Kawula nuwun inggih panembahan - Kesawasidhi Kaping pindha narendra kudu bisa netepi wataking rembulan pakartine : aweh pepadhang ing mangsa peteng lan sorote hayom hangayemi. Kaping telu narendra kudu bisa nglungguhi wataking Kartika pakartine : bisa dadi pasrening ngantariksa lan dadi pandom panengering mangsa kala lan kiblat. - Arjuna Kawula nuwun inggih sageda ngestokaken dhawuh wedharing pepakem. - Kesawasidhi Kaping papat narendra kudu bisa ngenggoni wataking mendhung pakartine : karya girise kang samya humiyat lan tumibane awujud udan dadi sarananing tumuwuh. Kaping lima narendra kudu bisa netepi wataking bumi pakartine : santosa lan suci - Arjuna Nuwun inggih sageda hanetepi dhawuh paduka panembahan - Kesawasidhi Kaping nem narendra kudu bisa hanulad wataking samudra lire: jembar tanpa pagut sarta kamot momot hamadhahi. Kaping pitu narendra kudu bisa kaya wataking Geni pakartine : bisa hamesesa tan pilih warna sarta migunani ing manungsa Dene kang pungkasana narendra kudu bisa netepi wataking angin pakartine : bisa maratani sabarang panggonan, lan mintir tan ana pedhote. - Arjuna Dhuh sang panembahan, karaos sumeblak raosing manah kula pindha wulan purnama, amung sageda ngestokaken, lulusa anjayeng bawana. - Kesawasidhi Kulup arjuna aja dadi pinggeting atinira mungguh yektine sanajan sira bisa tampa wahyuning karaton, nanging ora bisa jumeneng Ratu, ya mung atmajane si Abimanyu ya wayahira ing besuk kang bisa mengku wibawa. Arujan,kaya wus rampung ing karya, sira sun lilani mundur saka ing kene sarta ingsun titip kyai wijayadanu wasiyate kadangira prabu Karno iki balekna, kang wektu iki isih padha kekojor mengku pabarisan ana ing sukuning wukir swelagiri. - Arjuna Nuwun inggih panembahan, boten langkung kawula amung nywun pangestu raharjaning lampah. (lajeng mungel ayak-ayakan Arjuna sembah nampi kuntawijayadanu lajeng kabedhol mangiwa. Ayak-ayak suwuk lajeng ada-ada greget manyura lajeng kacaritakaken) Wau ta, sapengkere sang dananjaya, sang begawan kari anggana raras. Duk samana wus paripurna pakaryane sang Begawan Kesawasidhi, karsanira arsa hangrucat sesintren, sigra lukar busana kapandhitan angrasuk busana kaprabon. Kacarita siran warnane sang begawan, sawantah babar Nateng Dwarawati Prabu Kresna. (gangsa sampak, lejeng ada-ada) - Prabu Krsena E, e, ya jagad Dewa Bathara, ya jagad pramudita, adhuh adhine pun kakang yayi, yayi Arjuna, sayekti si adhi tan wruh marang sejatina pun kakang, adhuh ,ya mung sira yayi satriya kang kawasa nampeni wahyu makutharama, ya mung kang sentosa bae yayi, marang ngendi bae paranmu mesthi bakal ingsun jampang-jampangi. (gangsa sampak, prabu Krensa Ndedel ngakasa) Lah ing kana ta wau wus rucat sesinglon Begawan kesawasidhi wangsul mring sajatining wujud sang Nata Dwarawati Prabu Sri bathara Kresna, Nahenta ingkang lagya mahawan ing gegana ing mangke datan kadi lampahing Raden Harya Werkudara kepapag sukmane satriya panglebur gangsa Raden harya Kumbakarna - Werkudara Waaaahhhhh wis adoh lakuku saka praja Ngamarta ngupadi mendrane adhiku Jlamprong, teka iki kepapak rerupan ngremeng ireng iki bangsane Jin apa priprayangan wujude cat katon cat ora hayo ngakua sapa jenengmu? - Kumbakarna He..hee...iya raden bener yenta sira ora kanthi cetha nyumurupi marang wujudku amarga aku lawan jenengsira wes beda alame. Andadekna sumurupmu raden manawa sejatine aku ing nguni satriya panglebur gangsa aranku Raden Kumbakara, lha banjur raden iku sapa kang dadi kekasihmu? - Werkudara Waaaaah, yenta kowe kepengin ngerti marang aku, iki satriya ig Jodhipati Raden Bratasena kekasihku - Kumbakarna Whe lha dalah he...he...tiwas kepasang yogya raden pirang-pirang tahun anggonku ngupadi marang paduka jebul lagi ing wektu iki aku bisa ketemu marang kang dak upadi - Werkudara Hemmmm,ana apa dene kowe nggoleki aku? - Kumbakarna He...he...lha dalah waleh-waleh apa raden dene pirang-pirang tahun aku nandang pepeteng, nadyan aku wes pisah lawan badan wadhaku nanging aku durung bisa manjing alam kasampurnan, nganti tekan ing wektu iki suksmaku isih mapan ana ing alam antara, durung bisa katampa ing ngayunan. Mula kang seka iku raden, nggonku ngupaya marang paduka aku bakal nyuwun sanjata pitulung marang raden, kersoa raden Werkudara ngentasake panandhangku, sampurnana patiku raden. - Werkudara Heemmmm disampurnakake kepriye aku ora bisa! - Kumbakarna Mangkene raden gegandhengan paduka iku sipating satriya, mula nggone raden Werkudara nyampurnakake patiku ya nganggo darmane satriya. - Werkudara Waaaahhh...mangkono panjalukmu kene majua tumuli ndak ruwat Gangsa sampak, perang kumbakarna kalawan Werkudara, kumbukarna kawon dipun kuku pancanaka teras kumbakarna manjing dahteng wenthisipun Werkudara,werkudara bingung madosi kumbakarno, kepapag Prabu Kresna gangsa suwuk. - Kresna Iki ndak waspadakake kaya adhiku Wekudara, siadhi iku ngupadi sapa katone kok kaya wong bingung ?ana apa yayi? - Werkudara WaaaahhhJliteng kresna kakangku, sadurunge adhimu mrasajakake bingunging atiku, luwih dhisik bassaku katur. - Kresna Hem, heh,heh, yayi, yayi ora lali siadhi tansah ngatonake darma bekti marang wong tuwa, ya yayi banget bombonging atiku si adhi ngabekti marang pun kakang, bali pangestutiku wae tampanan ya yayi. - Werkudara Waaaahhh, ndak gegem dadya aji jaya pangestu saka Jlitheng Kresna kakangku, aku iki lagi ngupaya nang ngendi lungane Jlamprong minggat seka Ngamarta durung bali ehh malah nang dalan kepapag Buta dadi bandayuda sabanjure apa Kresna kakangku weruh marang playune mungsuhku. - Kresna O,o si adhi iki mau lagi perang ta?, ndak jarwani ya yayi, manawa sejatine mungsuhmu mau suksmane Kumbakarna kang nalika gugur saka astane Sang raden Lesmana Murdaka, kadange anom Prabu Ramawijaya ing nguni,nanging patine Kumbakarna mau durung sampurna, awit saka pituduhe kadang mudha begawan Kontawibisana, panandhange Kumbakarna mau kinen ngruwat satriya panenggak pandhawa. Mula si adhi aja kaget yenta sejatine suksamane Kumbakarna manunggal marang sira yayi werkudara. - Werkudara Hemmmmmm mbanjur kepriye iki mengko awaku banjur kesusupan suksmane buta - Kresna Yayi werkudara, aja sumelang rasane atimu, nadyan Kumbakarna awujud buta nangging hambege satriya, satriya tan perbeda lawan si adhi, nggone Kumbakarna manunggal marang si adhi malah nambahi kasektene yayi wekudara, lan siadhi ora perlu kawatir yenta Kumbakarna bakal nenuntun marang tumindak kang kurang prayoga. - Werkudara Waaaah, yen kaya mangkana ya uwis, lha Kresna kakangku mentas saka ngendhi? - Kresna Aku nembe bakal ngetutake lakune adhimu yayi Arjuna - Werkudara Waaahh, lha saiki bocahe ana ngendi? - Kresna Lha kae yayi wis lumaku ana ing pangarepan - Werkudara Yen kaya mangkana ayo enggal ditututi - Kresna Ayo yayi. Gangsa sampak, Werkudara cabut kurmat dheteng Kresna teras mundur kawalik mlebet kiwa, Kresna cabut mabur mangiwa. gantos swasana lampahaken kayon Teras nglampahaken Arjuna saking tengen, kepapag prabu Karna saking kiwa - Prabu Karna Adhuh, adhiku dhi, adhiku Arjuna, begja kemayangan pun kakang yayi.mengko ta yayi, praptane si adhi ana ing kene, apa mentas tedhakan ing manca praja, apa mapan mung lelana ing samadyaning alas kene yayi? - Arjuna Kawuningana kaka Prabu, kula saking sapucaking wukir swelagiri ing pratapan kutharunggu, mentas sowan sang begawan kesawasidhi. Kawula nuwun kaka prabu, terang kautus panembahan kesawasidhi kinen hangaturaken wangsul wasiyat agem paduka kyai wijayadanu, ingkang punika kapareng kaka prabu anampeni. - Prabu Karno E, e, ya jagad pramudhita, mara yayi kenekna kyai wijayadanu dak tamapanane. - Arjuna Sumangga kaka prabu (pathet jugag, janaka angulungaken wijayadanu) Jahning yahning talaga kadi langit Mambang tampas wulan upamaneka o..... Wintang tulya kusuma panjrah sumawur o..... - Prabu Karno E, e, ya jagad Dewa bathara ya jagad pramudhita, adhuh kadange pun kakang yayi, sepira gedhening pepeteng kang sun sandang ya sebab pisahe wiajayadanu lan ingsun, ora wurung ya mung sira kang bisa gawe pepadhang. Yayi, apa baya pisowanira marang sang begawan kesawasidhi uga nyuwun udhuning wahyu kamulyan? - Arjuna Kawuningana kaka prabu, mapan pisowanan kula dhumateng sang panembahan jalaran anuhoni wasitaning Jawata, terangipun pakem Makutharama sampun kawula tampi. - Prabu Karno Yayi, rehne si adhi nyata antuk kamulyan, aja tanggung-tanggung yayi anggonira sung pitulung marang rakanta,marma kebeneran dene si adhi wus antuk karya,pun kakang muhung melu ngempek, minta saturunan saka si adhi, marang rakanta ing Ngastina. - Arjuna Nuwun kaka prabu, kula ajrih sesikuning Jawata, milo boten saged ngaturaken. - Prabu karno Arjuna, katimbang gagar tanpa kukuban, yen rong turunan meksa ora kok wenehke, proyoga turun telu tak jaluk marang Ngastina. - Arjuna Dhuh kaka prabu, pun Arjuna boten nedya nampik sarta milih dhateng saliring lelampahan ingkang kedah kula lampahi,sanadayan turun pitu pisan boten badhe kula aturaken. - Prabu karno Ya jagad Dewa bathatara, sayekti wus ora kena dak eman, bagus rupamu, alus patrapmu,mung kencenging tekadmu dhasare ngendel-endelke. Babo-babo katon wong lanang dhewe,endi dununging pangaji-ajimu marang wong tua, wani kowe karo kadangmu. - Arjuna Kaka prabu, yen mapan kadi mangkono karsanira, yen nganti Arjuna mundur sajangkah lakno tatu arang kranjang, leganing atiku - Prabu Karno E, ilang parikramamu keparat, wani karo aku? - Arjuna Sagendhingmu dak ajangi - Prabu karno E, dak sabetke bantala sumyur kwandamu. ( gangsa sampak perang manjras Arjuna kelawan Karno, karno kawon kabucal dhawah tebih. Lajeng nglampahaken Bambang Sintawaka. Karno dhawah ngajengipun Sintawaka, gangsa suwuk) - Sintawaka Lho-lho-lho, iki wong-wong apa?teka niba-niba ana ngarepku, he kowe wong apa? - Prabu Karno O, Raden, aranku Prabu Karno Nata ngawangg, balik sira saka ngendi pinagkamu? - Sintawaka Manawa kowe takon marang aku, aku wong kleyang kabur kanginan, aranku bambang sintawaka. Sira teka niba-niba kuwi ana apa? - Prabu karno O, andadekna kawruhananmu raden, aku lagi panca bakah, nanging rada kaseser, - Sintawaka Mungsuhmu sapa? - Prabu Karno Mungsuhku kadangku dhewe, arane janaka satriya panengah pandhawa - Sintawaka Lha prakarane apa? - Prabu Karno Mungguh ngrebut wahyuning karaton, raden apa baya sira kena sun pinta sraya?menawa bisa ingsun pitulungan,lamun sira bisa nyirnakake kadangku iki, mengko bakal gedhe bebananingsun marang sira. - Sintawaka Apa kowe tega marang patine kadangmu dhewe? - Prabu Karno Raden, ringkese yen sira bisa nyirnakake mungsuhku iki sira sun dadekake Adipati ana ing Ngastina. - Sintawaka Apa kena dak ugemi kandhamu kuwi? - Prabu Karno Yo Raden - Sintawaka Yen mapan mangkono, ayo dak sirnakne si Arjuna. ( gangsa sampak Sintawaka mlampah manengen panggih lan Janaka, gangsa suwuk) - Arjuna Ya jagad Dewa bathara,iki wong-wong apa, teka kaya wong baring, prapta neng ngarsaningsung. - Sintawaka Yen takon marang aku, aku srayane Prabu Karno, Bambang Sintawaka aranku, apa kowe sing jeneng Janaka? - Arjuna Nora kleru mungguh pangucapmu, ya aku satiya panengah pandhawa, Janaka kekasihku. - Sintawaka Yen mapan mangkono, dak jaluk pati uripmu, mulungna! - Arjuna Ya jagad Dewa Bathara, apa kowe wani karo aku? - Sintawaka Rangekpa sewu aku ora mundur, ayo sagendhingmu dak ajangi. - Arjuna Ayo leganing atiku, adu boboting epek-epek - Sintawaka E, klakon ajur kwandamu. ( gangsa sampak, prang rame janaka karepotan, teras janaka dipun oncalaken manengen dhawah saking kiwa katampi kyai Semar) - Semar e....ee...Ndra Janaka perang kaliyan sinten Gus? - Arjuna Jenenge Bambang Sintawaka - Semar Eh...Gus, ampun bandayuda lan ampun kekerengan awit jengandika nembe nampi Nugraha, mangke mboten menep raosing manah Gus - Arjuna Prayogane? - Semar Eh...dipun tinggal kondur kemawon Gus - Arjuna Ayo kakang (Gangsa sampak arjuna lan semar mlayu manengen ngedalaken sintawaka saking kiwa tancep suwuk) - Sintawaka Dudu karepe dhewe, Arjuna tinggal glanggang colong playu, tekan endhi bae bakal tak tututi he Arjuna! (Gangsa sampak sintawaka mlayu manengen,Arjuna mlayu saking kiwa kepapag Prabu Kresna sampak suwuk teras ada-ada ) - Prabu Kresna Ana apa yayi dene si adhi kok mlayu mlayu - Arjuna Kaka prabu ri paduka mentas bandayuda - Prabu Kresna Karo sapa yayi? - Arjuna Satriya ingkang peparab bambang sintawaka - Kresna Banjur kowe kalah? - Arjuna Inggih angsal pangestunipun kaka Prabu, kula kawon. Dhuh kaka prabu kula boten kuwawi mila kula meksa nyuwun pambiyantu kaka prabu. - Kresna Yen kowe minta pambiyantu marang pun kakang kowe kudu manut marang aku - Arjuna Nuwun inggih kados pundi kaka prabu? - Kresna Kowe majua maneh nangging aja mbok kasari. Si adhi mesthi wis ngerti marang kang ndak karepke - Arjuna Nyuwun pangestu kaka prabu. ( gangsa sampak Arjuna nyembah dahteng Kresna teras kacabut mangiwa, kresna cabut nututi Arjuna, bamabg sintawaka medal saking kiwa tancep kepapag Arjuna sampak suwuk) - Sintawaka Arjuna ayo aja mlayu, maju meneh kowe yen pancen wani karo aku ? - Arjuna Aku ora nedya males, wis aku patenana, ayo enggal patenana aku. - Sintawaka We, saru! Satriya perang kok pasrah ngana. - Arjuna O, mbokne kulup, kulaka warta, menawa aku mati ana ing peperangan, sumbadra. - Sintawaka Semingkara kana, aku risi, wo saruning saru, iki manggata kana. Arjuna Iyoh-iyoh adheme kaya ngene, ibune-ibune kowe ana ngendi? - Sintawaka Janaka iki ana ngalas aja nggoleki bojomu (sarwi nglarak Bambang Sintawaka) iyoh, hoh,hoh iki tik adheme kaya ngene ibune-ibune - Sintawaka Keparat Janaka iki malah nyedhak-nyedak aku iki mungsuhmu - Arjuna Adhuh......yen ngene iki terima mati aku, kathik adhem kaya mangkene - Sintawaka Bat tobat sapa sing ngandhani ? ( gangsa samapak Sintawaka wudhar dados sembadra, teras tancep gawang kiwa kaliyan Arjuna, medal saking tengen Kresna kaliyan Werkudara tancep gangsa suwuk) - Kresna E, lho iki malah yayi Sembadra wis tekan kene - Sembadra Iya kakang prabu, sing ngandhani mau mesti kakang prabu ta, yenta sing dadi bambang Sintawaka mau iku aku, wong kok senengane ngurusi marang kabutuhane liyan. - Kresna Yen siadhi serik tenan saiki tak entuke (penabuh Gong) Burisrawa wae pa piye? - Arjuna Aiyah kaka prabu kok mesthi mekathen - Werkudara Waaaahhh iya Sembadra dientukaken (Penabuh Gong ) Burisrawa wae, tinimbang dadi bojone Janakamung ditinggal minggat wae. - Arjuna Inggih kula sampun ngakeni lepat kaka prabu lan kakang mas - Kresna Yen mangkana yayi ayo enggal padha bali menyang praja selak dadi pengarep arep yayi prabu Punta. - Sembadra Ayo kakang ndak dherekake - Arjuna Mangga kaka prabu (Gangsa sampak sembadra lan Janaka karangkus dados setunggal nyembah teras kaentas mangiwa, Kresna lan Werkudara kacabut sareng teras mlampah mangiwa. Sampak kagedhog dados ayak-ayakan jejer Ngamarta). - Puntadewa Nuwun kaka prabu, sami raharja rawuh paduka? - Kresna Kawula nuwun inggih, angsal pangestunipun yayi Aji sami raharja. - Puntadewa Harjuna, sira padha raharja, sarta marang ngendi paranmu - Arjuna Nuwun inggih, angsal pangestu paduka sami raharja, kula anuhoni dhawuhing Jawata , anggayuh wahyu Makutharama, ingkang dumunung wonten sapucaking wukir swelagiri, saking keparengipun Jawata ingkang lumantar Sang Begawan Kesawasidh, ponang wahyu sampun kaparingaken dhumateng kula. - Puntadewa Yo sokur sakethi jumurung yayi, nanging besuk maneh kalamun lelungan prayoga pamita kalawan kadang, dadi ora gawe bingunge para kang tininggal. - Kresna Nuwun yayi Sami Aji miwah para kadang gegandhengan menika yayi Janaka ampun lebda ing karsa mangga sami kula dherekaken muji syukur konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring pinten-pinten kanugrahan ingkang rumentah dhateng para titah Marcapada, lan mugi mugi ingkang pakurmatan bpk Dasuki sakaluarga tansah pinaringan Karahayon, kaberkahan anggenipun netepi jejibahan wonten alam bebrayan, kanti sesanti jaya-jaya wijayanti Suradira jayaningrat swuh brastha tekaping ulah darmastuti. (bakda gineman Dalang anggedhog kotak kaping gangsal lamba tumunten kasambed ayak-ayakan pamungkas kayon ingkang tumancep ing sisih tengen kacabut katancepaken ing tengahing gawang.) saged ugi gangsa sampak teras dhawah ayak ayak kayon tancep tengah gawang. Paripurna Tancep Kayon KASUSUN DENING DASUKI, SH
